Bausastra Jawa: Kidung Agung, Kapirit Saking “Kidung Agung”

0
195 views
Ilustrasi: Kidung Agung (Ist)

Asmaradana

Pambuka 

Antuk asmaraning Widhi
Tontonen kitab minulya,
Niki kang Kidung Agunge,
Usadane jiwa raga,
Sumusup nglimbangira,
Paringe Suleman Prabu,
Nyobi Kyai Sandinama,

Kidung Suleman Sang Aji,
Manten putri ing madyanya,
Wanita Yerusaleme,
Arasana kang lathinya,
Margi tresna Paduka,
Linangkung tinimbang anggur,
Lisahe amrik gandanya.

Asmanira pindha niki,
Lisah ingkang ingesokna,
Para Kenya sok tresnane,
Paduka nggandhenga kula,
Ing pengkeran Paduka,
Mangga sigra tindakipun,
Sang Nata anganthi kula.

Lumebet kedhatoneki,
Kita surak mawaruhan,
Ngalembana kula badhe,
Tresna paduka sanyata,
Langkung timbang anggurnya,
Pramila samesthinipun,
Sami tresna mring paduka.

Yerusalem para putri
Cemani manis sanyata,
Kadya wong Kedar kemahe,
Kaya klambune wong Salma,
Aja mulat cemengnya,
Wit benter mentarinipun,
Nyata nggesengaken kula.

Putra ibu muring-muring,
Kula kadhawuhan njaga,
Ana ing kebon anggure,
Kebonku datan kareksa,
Gantilaning tyas amba,
Wartosipun kula suwun,
Papanipun angen menda.

Megung menda wonten pundi
Pepanthane ing ratrinya,
Mila kula kadya dene,
Ngumbara celak panthannya,
Menda mitra paduka,
Wanodya sulistya tuhu,
Ing tengahing pra wanita.

Yen ta sira durung ngerti,
Tutna tapake mendanya,
Angona cempe-cempene,
Sing cedhak kemah pangonnya,
Lajeng manten kalihnya,
Sami dene ngalemipun,
Mila sami sesautan.

Kekasihku sira kadi,
Kuda wadon saupama,
Kreta Pirngon titihane,
Pengarasanira endah,
Kang ginapit rerenggan,
Jangganya neng madyeng kalung,
Haggubed ing jangganira.

Sun yasa renggan mas muni,
Manik-manike salaka,
Sang Prabu dhahar kalane,
Narwastuku amrik ngganda,
Kanggoku kekasihwang,
Kaya dene sabuntel mur,
Sumelip neng payudara.

Pindhan malih kasih mami,
Sadhompol sekar pacarnya,
Madyaning kebon anggure,
En Gedi iku papannya,
Kasihku endah warna,
Sira endah warnanipun,
Netranira pindha dara.

Kekasih kang bagus warni,
Saged ndudut manah kula,
Kalane neng paturone,
Sanyata tuhu nikmatnya,
Griyamba damelira,
Kajeng aras balokipun,
Dene eru gebyogira,

Sekar maware puniki
Saking Saron asalira,
Sekar bakung neng jurange,
Kasihku madyeng pra Kenya,
Kembang bakung pindanya,
Ing tengahe kang rinipun,
Antarane pra taruna.

Kaya wite apel niki,
Satengahing wit ing wana,
Sun arsa ngayom lungguhe,
Satuhu legi wohira,
Dikanthi mring pahargyan,
Umbul-umbul ing dhuwurku,
Sanyatane asih tresna.

Kakiyatna dhahar kismis,
Sinegerna woh apelnya,
Karana nandhang brantane,
Asta kering sor mustaka,
Kang tengen ngrangkul ingwang,
Para putri-putrinipun,
Yerusalem kang kuthanya,

Sira ingsun supatani,
Sineksenan kidang-kidang,
Lawan menjangan wadone,
Ara-ara papanira,
Ywa nggugah brantanira,
Awit dereng wancinipun,
Sata dereng kinarsakna.

Neng korining manten putri,
Piyarsakna memaniswang,
Mulata anggen praptane,
Malumpat neng arga-arga,
Wonten pareden uga,
Lir kidang kekasih ingsun,
Pindhane anak menjangan.

Sakburine tembok iki,
Ungak-ungak neng cendhela,
Nginjen-injen ing rujine,
Nulya kasihku ambuka,
Ngandika mring ingwang,
Enggal tangia manisku,
Age-age ndang mrenea.

Mulane ulatna iki,
Wus  kawuri bedhidhingnya,
Paripurna kang udane,
Wus kawuri rendhengira,
Kang katon tegalira,
Methik sekar kalanipun,
Palemahan darbe kita.

Kutut manggung kapiyarsi,
Ing madyaning tanah kita,
Wiwit awoh wit  arane,
Sekar anggur mrik gandanya,
Kasihku gya  tangia,
Ge mrenea inteningsun,
Daraku ing celah sela.

Singidan ingkang merpati,
Neng lerenging arganira,
Ketokna ta pasuryane,
Piyarsakna suwaranya,
Endah suwaranira,
Sulistya ing warna tuhu,
Cekelen sona mawarnya.

Sona mawar ingkang alit,
Angrusak kebon anggurnya,
Kang lagi mekar sekare,
Kasihku kagungan ingwang,
Ingsun  kagunganira,
Ingkang angen mendanipun,
Neng madyaning bakung taman.

Angin sore drung sumilir,
Wewayanganira ilang,
Kasihku balia maneh,

Membaa kang kaya kidang,
Apa anak menjangan,
Ingkang ana dhuwur gunung,
Tamane rempon-remponnya.

PANGKUR

Kapungkur impen mantennya
Neng paturon ingkang wancine bengi,
Tak luru jantung atiku,
Semono tan pinanggya,
Niatingsun  tangi mubeng kuthanipun,
Turut lurung-lurung kutha,
Tekan  alun-alun kongsi.

Sun lari jantung atimba
Ingsun luru nanging datan pinanggih,
Pinanggya kang rondha dalu,
Apa mulat kasihwang,
Nembe nilar ingkang padha rondha mau,
Ketemu jantung atimba,
Tak cekel kang jantung ati.

Nora bakal sun uwalna,
Nganti aku nggawa mring rena mami,
Tekan  malbeng senthongipun,
Ingkang nglahirke kula,
Sun sepata kanggo putri-putrinipun,
Ana ing Yerusalemnya,
Kidangipun ingkang saksi.

Utawa kang sinaksenan,
Menjangane ingkang wadon sayekti,
Saking ara-aranipun,
Ywa sira nggugah branta,
Aja nganti angosik asmaranipun,
Sadurunge kinersakna,
Iringan kang manten putrid.

Paran apa darunanya,
Kumelun ing ara-ara samun ji,
Kaya kumebuling kukus,
Wangine mur lan dupa,
Warna-warna wur wangi saking pra bakul,
Joline Prabu Suleman,
Sad dasa wira kang jagi.

Nunggal Israel wiranya,
Sikep pedhang trampil ing perang dadi,
Awit giris wayah dalu,
Maha Prabu Suleman,
Kajeng saking Libanon ginawe tandhu,
Saka-sakane salaka,
Sendhean saking mas murni.

Warna ungu dhamparira,
Kang rinengga ing kajeng areng adi,
Pra putri Yerusalemku,
Putri Sion metua,
Lan nyawanga Suleman Sang  Maha Prabu,
Makutha kang masang rena,
Ri dhaupnya sukeng ati.

Ingkang pinanganten priya,
Ngalembana ingkang penganten putrid,
Ulatna nyata ayumu,
Tuhu sulistya warna,
Lir merpati pindha ingkang netranipun,
Sangisoring kudhungira,
Panthan menda rikma kadi.

Tumurun saking Gilead,
Pepanthane menda cinukur lagi,
Saking ing padusanipun,
Manak kembar mendanya,
Ingkang majer tan ana sanyatanipun,
Waose kang pindhanira,
Lir pita jingga kang lathi.

Nyata endah tutukira
Pilinganmu dlima binelah kadi,
Sangisoring kekudhungmu,
Jangganya yen cinandra,
Pepindhane lir tuhu menara Dawud,
Binangun nyimpen pusaka,
Tameng gada digantungi.

Kaya anakan menjangan,
Pindhanipun kang payudaraneki,
Anak kembar kidangipun,
Aring neng pasuketan,
Neng madyaning taman kembang bakung  iku,
Angin sore durung ana,
Wewayanganira lari.

Ingsun arsa myang mur arga,
Lan tumuju menyang ing dupa ardi,
Sulistyeng warni manisku,
Tanpa ciri sanyata,
Kekasihku mudhuna  Libanon gunung,
Saka pucuking Amana,
Macan singa Hermon Senir.

Kumepyur padoning nala,
Pengantenku  gawe getering ati,
Mung sakedhep netranipun,
Renggan kalung jangganya,

Nyata nikmat tresnanira pengantenku,
Tinimbang anggur lisahnya,
Lan kabeh reremponeki.

Tumetes saking lathinya,
Sejatining madu penganten mami,
Susu madu sor ilatmu,
Ageman gandanira,
Gandanira lir pendah Libanon gunung,
Kebonipun ketutupan,
Pinatri kang sumber warih,

Trubusipun pindhanira,
Kebon dlima kang eca wohe niki,
Kembang pacar lan narwastu,
Tebu kayu manisnya,
Warna-warna wit dupa mur lan gaharu,
Rerempone warna-warna,
Ingkang pilihan sejati.

Aneng kebon tuke toya,
Sumber urip saking Libanon mili,
Penganten kekalihipun,
Sami-sami anyapa,
Enggal tangi angin lor lan angin kidul,
Aneng kebon aniyupa,
Rerempone arum amrik.

Muga kekasihku prapta,
Mangan eca wohe neng kebon iki,
Aku teka neng kebonku,

Dhuh yayi pengantenwang,
Sun kumpulke rempon-rempon dalah murku,
Tak pangan madu lan tala,
Ngombe susu anggur iki.

Dha mangana para kanca,
Lan ngombea  mabuk tresnane nganti,
Manten putri kapangipun,
Turu tangi kang nala,
Piyarsakna kekasihku nothok pintu,
Korinipun wenganana,
Nimas idhaman mami.

Mustakaku embun kebak,
Lan rambutku kebak tetes bun wengi,
Busanaku sampun ucul,
Apa bali busana,
Kula sampun amijiki ingkang suku,
Mangke wangsul kang regednya,
Kekasihku lajeng malih.

Kalebetna astanira,
Kang lumantar bolonganipun kori,
Temah  manah kula liwung,
Aku tangi wusana,
Mbuka kori kang kanggo kekasih ingsun,
Tanganku neteske murnya,
Ewa dene ingkang driji.

Neteske mur cuwer nyata,
Anggupaki  gocekanipun kori,
Tak wengani kekasihku,
Nanging ilang tan ana,
Lir kantaka ngical Panjenenganipun,
Kula nglari penjenengan,
Taksapa ora mangsuli.

Wong rondha kepanggih kula,
Aku dipenthungi lan ditatoni,
Dipunrebut selendhangku,

Dening baluwarti jaga,
Para putri Yerusalem sepataku,
Yen ketemu kekasihwang,
Matur apa sira kaki.

Matura sun nandhang branta,
Manten kakung ingalembana putri,
Ing ngarsa pra  putrinipun,
Neng Yerusalem kutha,
Ing madyaning pra wanita dhuh wong ayu,
Pundi luwih kasihira,
Katimbang kang liya iki.

Genea sira supata,
Bang sumringah kekasihku resik putih,
Neng puluhan ewonipun,
Katon luwih sampurna,
Mustakane pindhane mas murninipun,
Ngandhan-andhan rikmanira,
Lir pendah gagak cemani.

Netranipun kadya dara,
Ingkang nembe wonten madyaning  warih,
Lenggah blumbang siram susu,
Pipine ingkang pindhanya,
Kaya bedheng rerempon lan oyodipun,
Kembange bakung lathinya,
Netes mur kang cuwer yekti.

Giligan emas astanya,
Ingkang mawa rinengga sotya Tarsis,
Sarira kang pindhanipun,
Gadhing ingukir nyata,
Tinretesan ingkang sela tilamipun,
Sampeyane marmer seta,
Temumpang dhasar mas murni.

Pindhan malih sariranya,
Kaya dene gunung Libanon yekti,
Pinilih lir anjiripun,
Ature manis nyata,
Polahipun ngresepake kang andulu,
Yaiki kekasih ingwang,
Yerusalem para putri.

Dhandhangula

Memanisku tindak menyang ngendi
Wong sulistya madyaning wanita
Ngendi enering tindake
Kang dadi  niyatingsun
Arerewang sira ngupadi
Kasihku myang kebonan
Bedheng-bedhengipun,
Kang rerempon-reremponnya,
Angen menda ing kebon bakung methiki,
Sun darbeke maniswang.

Kekasihku hiya darbe mami,
Ingkang angen gembel kang  mendanya,
Neng madyeng kebon bakunge,
Niki penganten kakung,
Ngalembana penganten putri,
Sira endah ing warna,
Adhuh memanisku,
Pindhanipun kutha Tirza,
Sarwa endah kaya Yerusalem yekti,
Ngedab-edabi kaya.

Bala tantra lan tunggule yekti,
Netranira ywa tumuju ingwang,
Aku liwung ing atine,
Rikma lir panthan wedhus,
Ngombak-ombak tumurun ardi,
Saking gunung Gilead,
Pindhane untumu,
Pepanthane menda-menda,
Kang jumedhul saking pangguyanganeki,
Sadaya manak kembar.

Kang tan manak ora ana yekti,
Pilinganmu lir dlima sinigar,
Ana kudhungmu ngisore,
Kang prameswarinipun,
Sewidak lan rongpuluh selir,
Dalah kang para Kenya,
Tan wilanganipun,
Hamung slirane kang dadya,
Merpatiku lan idham-idhaman mami,
Ontang-anting kang putra.

Kang kinasih dening ibu niki,
Para putri ngarani lan mulat,
Bilih beja sanyatane,
Pra prameswarinipun,
Ngalembana sareng pra selir,
Sinten ta ingkang prapta,
Kaya bang-bangipun,
Endah lir wulan purnama,
Sumunar lir surya kang ngedab-edabi,
Lir tantra lan tunggulnya.

Ingsun mudhun mring kebon kenari,
Nyawang kuncup anggure neng lebak,
Apa dlima wis ngembange,
Aku kang datan emut,
Kapangingsun nglenggahke mami,
Neng wong luhur kretanya,
Kenya Sulam tuhu,
Wanti-wanti ndang balia,
Diimen aku bisa nyawang sira iki,
Apa darunanira.

Sira seneng nyawang Sulam putri,
Kaya lagi nonton beksan perang,
Kang putri luhur budine,
Iba endah lakumu,
Nganggo ingkang sandhale niki,
Putri luhur budinya,
Lengkung bangkekanmu,
Kados rerenggan sanyata,
Karyanipun para seniman sejati,
Puser lir bunder cawan.

Datan kirang anggur campur niki,
Padharanmu tumpukan gandumnya,
Pagere kembang bakunge,
Nenggih payudaramu,
Kaya anak menjangan kalih,
Lir anak kidang kembar,
Dene kang gulumu,
Menara gadhing pindhannya,
Netramu lir Hesibon telaga yekti,
Cedhak Batrabim pura.

Grananira kang menara kadi,
Kang dumunung neng Libanon arga,
Menyang Damaskus madhepe,
Dene kang mustakamu,
Gunung Karmel pindhanireki,
Bang lembayung rambutnya,
Neng mustakanipun,
Gumuyu Risang Nata,
Kecanthol ing klabang-klabangipun yekti,
Nikmatipun asmara.

Ayu sira sulistya ing warni,
Kang sutresna ing samubarangnya,
Nadyan kuwi nyenengake,
Badan upaminupun,
Witing kurma yen dhadha niki,
Pindhane dhompolannya,
Mangkene kandhaku,
Meneki witipun kurma,
Sabanjure nyekel kang dhompolaneki,
Ya payudaranira.

Candranipun dhompolan anggur lir
Napas irung wohe apel kaya,
Tutur lan tata kramane,
Manise kaya anggur,
Ingkang mili myang nimas mami,
Kanthi datan kendhatnya,
Kang lumeberipun,
Mlebet ing lathi-lathinya,
Pra tetiyang ingkang taksih nendra sami,
Ya darbekira ingwang.

Kayungyune mung tumuju mami,
Ayo kita menyang ara-ara,
Nginep aneng antarane,
Kembange pacaripun,
Mumpung iki wancine enjing,
Menyang kebon anggurnya,
Anggure wus kuncup,
Apa iki sampun mekar,
Sekaripun dene witing dlima niki,
Apa wus padha kembang.

Aneng kana sun bakal ngesoki,
Tresnaningsun marang jeneng sira,
Ngganda mrik dudaim wohe,
Cedhak kang korinipun,
Woh-wohane maneka warni,
Ingkang rasane eca,
Ingkang sampun dangu,
Kang nembe kapethik uga,
Sadaya sunsimpen kanggo sira yayi,
Hiya kekasih ingwang.

Upamane sira kadang kaki,
Ingkang nesep payudara rena,
Ingsun aras kang slirane,
Yen sliramu ketemu,
Tan ana wong kang aneng njawi,
Kang ngina marang ingwang,
Dakterke sliramu,
Menyang wisma ibunira,
Kang supaya memulanga marang mami,
Sun paringke anggurnya,

Gya nginuma ingkang ganda amrik,
Uga banyu woh-wohane dlima,
Tangane ingkang keringe,
Aneng sor mustakaku,
Asta kanan ngruket mring mami,
Iki ingsun supata,
Mring pra putrinipun,
Kutha Yerusalem nika,
Genea sira nggugah asmara iki,
Kamangka durung kersa.

Kang asmara kuwat kaya pati,
Njedhul  ara-ara samun sapa,
Sumendhe mring kekasihe,
Neng sor wit apelipun,
Ingsun nggugah jeneng sireki,
Neng kana kang renanya,
Ngandhut kang sliramu,

Sarta mbabar jeneng,
Dipapanke kaya segel jroning ati,
Kaya kang neng astanya.
Tresna iki kuwat kaya pati,
Lir pralaya gregeting asmara,
Kang murub iku latune,
Lir latu dalem murub,
Datan bisa sinirep warih,
Keli kali tan bias,
Kabeh tiyangipun,
Weweh nebus  tresnanira,
Samubarang bandha donya wisma iki,
Tetep bakal diina.

Manten putri lan rayine iki,
Aku darbe sedulur wadonnya,
Payudara durung wae,
Kudu kepriye ingsun,
Tumrapipun wadon kang adhi,
Nuju dina dilamar,
Yen ta tembokipun,
Takpayoni kang selaka,
Yen ta iku kori bakal sun palangi,
Nganggo kayune aras.

Ingsun iku tembok kang sawiji,
Payudara pindhane menara,
Ana ing jero netrane,
Punika kalanipun,
Aku kaya wong mulya jati,
Luwih mulya tinimbang,
Suleman Sang Prabu,
Kang tuhu kagunganira,
Kebon anggur aneng Baal-Hamon yekti,
Dipasrahke kang jaga.

Saben wonge ingkang ngreksa kuwi,
Ngaturake dhuwit sewu slaka,
Dadi oleh-olehane,
Dene kebon anggurku,
Darbe ingsun ing ngarsa mami,
Kanggomu sewu salaka,
Suleman Sang Prabu,
Dene kang rongatus nika,
Paringna wong ingkang njaga wohe iki,
Mantene wawan sabda.

Kabeh ingkang manggon taman iki,
Kanca-kanca nilingake swara,
Marang aku piyarsane,
Agea kekasihku,
Sira iku membaa kadi,
Kidang  utawa anak,
Kang menjanganipun,
Aneng madyeng arga-arga,
Ingkang kebak tanduran rerempon yekti,
Mekaten sabdaning Hyang.

Panutup

Purna sampun Kidung Agung niki
Istingarah nadhah berkah Allah,
Nujwari Soma Manise,
Kaping wolulasipun,
Wulanipun Maria Dewi,
Masehi rongwu sanga.

Macapat sinawung,
Sinten ta Ki Sandinama,
Aneng pupuh pada tuwin wanda siji,
Manggon  ing purwa gatra.

 

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here