Bausastra Jawa: Kidung Angger-angger Sepuluh

1
1,508 views
Ilustrasi

Kidung Angger-angger Sepuluh

Pocung

Hiya Aku Gusti Pangeran Allahmu,
Ywa nyembah brahala,
Ngemungna Ingsun sawiji,
Lan tresnoa angungkuli sedayanya.

Tanpa perlu aja ngucapke Asma-Ku,
Sun Pangeranira,
Teruse ingkang kaping tri,
Elinga nucekna dinaning Pangeran.

Sing ping catur urmata bapa biyungmu,
Dene kang ping lima,
Aja gawe raja pati,
Kang kaping sad sira aja laku jina.

Sing kapitu sira aja colong jupuk
Aja goroh sira,
Iku wolu sanga iki,
Dipoma aja melik prakara jina.

Ndungkap sampun iki kang kaping sepuluh,
Kang pungkasanira,
Darbeke wong ja dimelik,
Lah punika angger-anggere Pangeran.

Angger-angger sedasa purna kaimpun
Sugih kekirangan,
Parandene kumowani,
Nyobi ngudi kirang nyuwun pangapura.

Sor blimbing, 22032018
Ki Sandinama

Angger-Angger Sedasa Dhawuhing Allah

Aku Pangéran Allahmu,

1. Aja nembah brahala, ngemungna nembah marang Aku lan tresnaa marang Aku ngungkuli sakabèhé.
2. Aja ngucapaké Asmaning Pangéran Allahmu tanpa perlu.
3. Èlinga anggonmu kudu nucèkaké dinaning Pangéran.
4. Ngurmatana bapa-biyungmu.
5. Aja gawé raja pati.
6. Aja laku jina.
7. Aja nyenyolong.
8. Aja goroh.
9. Aja mélik prakara jina.
10. Aja mélik darbèking liyan.

Kidung Angger-angger Sepuluh

Pocung

Hiya Aku Gusti Pangeran Allahmu,
Ywa nyembah brahala,
Ngemungna Ingsun sawiji,
Lan tresnoa angungkuli sedayanya.

Tanpa perlu aja ngucapke Asma-Ku,
Sun Pangeranira
Teruse ingkang kaping tri,
Elinga nucekna dinaning Pangeran.

Sing ping catur urmata bapa biyungmu,
Dene kang ping lima,
Aja gawe raja pati,
Kang kaping sad sira aja laku jina.

Sing kapitu sira aja colong jupuk,
Aja goroh sira,
Iku wolu sanga iki,
Dipoma aja melik prakara jina.

Ndungkap sampun iki kang kaping sepuluh,
Kang pungkasanira,
Darbeke wong ja dimelik,
Lah punika angger-anggere Pangeran.
dungipun paripurna wus kaimpun,
gih kirangira,
andene kumowani,
bi ngudi kirang nyuwun pangapura.

Sor blimbing, 22032018
Ki Sandinam

Angger-angger Sedasa Dhawuhing Allah

Aku Pangéran Allahmu,
1. Aja nembah brahala, ngemungna nembah marang Aku lan tresnaa marang Aku ngungkuli sakabèhé.
2. Aja ngucapaké Asmaning Pangéran Allahmu tanpa perlu.
3. Èlinga anggonmu kudu nucèkaké dinaning Pangéran.
4. Ngurmatana bapa-biyungmu.
5. Aja gawé raja pati.
6. Aja laku jina.
7. Aja nyenyolong.
8. Aja goroh.
9. Aja mélik prakara jina.
10. Aja mélik darbèking liyan.

1 COMMENT

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here