Bausastra Jawa: Kidung Jatining Panembah

0
403 views
Di Sungai Yordan ini, Yesus menerima pembabtisan. (Mathias Hariyadi)

PANGKUR

  1. Mungkur saking kali Yordan/
    Gusti Yésus kapenuhan Ros Suci/
    Manjing ara-ara samun/
    Sinartan lampah siyam/
    Laminipun ngantos ri ping patangpuluh/
    Sétan nedya nggiri godha/
    Yèn nyata Putraning Gusti//

2. Paringa dhawuh mring séla/
Dimèn malih wujudé dadi roti/
Paring wangsulanipun/
Kaya kang wus sinerat/
Urip iku tan mung roti boganipun/
Gusti gya lajeng binekta/
Tumuju papan kang inggil//

3.Punika gelaring jagat/
Ing samangké kula aturké Gusti/
Yèn keduga nyembah ulun/
Gusti paring wangsulan/
Wus tinulis jatining panembah iku/
Mung ing Ngarsa Dalem Allah/
Ngabekti Gusti Sejati//

4. Terusé Gusti binekta/
Minggah puncaké Pedaleman Suci/
Yèrusalèm kithanipun/
Aturira si sétan/
Jengandika yèn Putra Hyang Rama tuhu/
Boten badhé tidha-tidha/
Mangga anjlog saking nginggil//

5. Tamtu sagung malaékat/
Kang rumeksa badhé nampèni Gusti/
Ndyan rata tan kesandhung/
Gusti agé ngendika/
Wus tinulis ywa nyoba Gusti Allahmu/
Sétan wus kentèkan pokal/
Sumingkir ngrerantu wanci//

6. Andelipun Sabdaning Hyang/
Tontonira sinerat Kitab Suci/
Niki mung lelimbanganku/
Usiling titah Sudra/
Suprandéné taksih tebih dèrèng gaduk/
Paran ngudi Sabdatama/
Nyobi nadyan kirang èdi//

Kapirit saking Lukas 4:1-13
Waosan Injil Minggu 10 Maret 2019
Sor Blimbing, 27022019
Ki Sandinama

Bausastra Jawa: Kidung Kedaling Lathi

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here