Bausastra Jawa: Kidung Katresnan

0
829 views
Ilustrasi: Pernikahan di Paroki Sandai, Keuskupan Ketapang, Kalbar. (Ist)

SINOM

Sekar sinom rinumpaka/
Nglimbang Sabda Dalem Gusti/
Lah punika SabdaNIRA/
Sanyata pitutur MAMI/
Poma sira mbeciki/
Nadyan tumanduk satrumu/
Sarta kang awèh supata/
Nyuwuna berkahé Gusti/
Sembahyangna kabèh wong kang ngala-ala//

Yèn ditapuk pipinira/
Ulungna ingkang sesisih/
Yèn dijaluk sandhangannya/
Ulungna rangkepanèki/
Ywa kongsi njaluk bali/
Marang kang njupuk darbèkmu/
Kaya pangajapira/
Tindakna tumrap sesami/
Ora monjo nresnani wong ingkang tresna//

3.Yèn mangkono ora béda/
Wong duraka anglakoni/
Aja mung tumindak tama/
Marang uwong kang ngapiki/
Apa labuhirèki/
Yen nyilihi pepadhamu/
Ywa golèk alembana/
Apa manèh nganti bathi/
PituturKU tresnanana satrunira//

4. Yèn mangkono lakunira
Dadi putra dalem Gusti/
PANJENENGANÉ sanyata/
Tresna mring kang ora ngerti/
Para durjana juti/
Sing ra ngerti matur nuwun/
Dipadha hambeg welasa/
Lir Hyang Rama ngendikani/
Sang Hyang Rama satuhu asih lan welas//

5.Hangadili sira aja/
Mengko ora diadili/
Ajah awèh paukuman/
Yekti kowé bakal kalis/
Apuranen sayekti/
Pangapura sira antuk/
Wèwèh sabisa-bisa/
Ing samengko bakal nampi/
Ukuranmu bésuk kanggo ngukur sira//

Kapirit saking Lukas 6:27-38
Waosan Injil Minggu 24 Pebruari 2019
Sorblimbing
Ki Sandinama

Bausastra Jawa: Kidung Pluralis

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here