Bausastra Jawa: Kidung Pentakosta, Lelampahan Para Rasul 1: 6-14, 2; 1-16

0
185 views
Pentakosta.

Dhandhanggula

1.
Amrih manis sampun dasa ari,
Mekrad Dalem murid sami kempal,
Sru kapireng suwarane,
Saking langit tumurun,
Gumrubug katiyup ing angin,
Kadi swara prahara,
Niyup griyanipun,
Ngebeki wisma punika,
Nuli katon ana ilat-ilat geni,
Ketingal pethal-pethal.

2
Sanalika penuh Hyang Roh Suci,
Gunemane basa warna-warna,
Mojar manut sakarsane,
Hyang Roh Suci kang nuntun,
Yerusalem kalanireki,
Wonten tiyang Yahuda,
Sarta sanesipun,
Saking salumah buwana,
Sampunira swanten wau kapiyarsi,
Kathah tiyang kang prapta.

3
Ingkang kempal ngungun jroning ati,
Pamirenge basane priyangga,
Kabeh eram celathune,
Ingkang guneman iku,
Ora kabeh wong Galilea,
Karengeng kadiparan,
Basane asalku,
Wong Parti Medhia Elam,
Lan Yudea Mesopotamia niki,
Sarta Kapadosia.

4
Saking Pontus lan Asia ugi,
Pamphilia Mesir lan Prigia,
Lan Libia sacedhake,
Sirena lan saka Rum,
Kang neng kene hiya Yahudi,
Tiyang kafir sartanya,
Kreta Arab krungu,
Nganggo basane priyangga,
Ngandharake agung karya dalem Gusti,
Kabeh ngungun ing nala.

5
Celathune tetiyang puniki,
Sejatine padha karep apa,
Apa dha mendem anggure,
Petrus sewelas rasul,
Sigra maju ngandikaneki,
Kowe kabeh ngertiya,
Gatekna tembngku,
Ora mendem babar pisan,
Nanging iku wus sinerat duk ing nguni,
Nabi Yoel kalanya.

Sorblimbing, 11 Mei 2017

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here