Bausastra Jawa: Kidung Sangsara Dalem, Kapirid Saking Injil Yoh: 18:1-40; 19:1-42 (1)

0
168 views
Ilustrasi: Ist

SAPUNGKUR Yesus ngandika,
Sigra tindak nilarken papan niki,
Sareng murid-muridipun,
Nyabrang Kedron bengawan,
Wonten taman samya mlebet wonten ngriku,
Yudas ngertos papan ika,
Murid kang ngulungke Gusti.

Mangkya Yudas ingkang prapta,
Sesarengan lan bregada prajurit,
Jagabaya bait kudus,
Konongkon para imam,
Ginarudug wong Farisi nggawa suluh,
Obor sartane gegaman,
Gusti pirsa kang dumadi.

Kang bakal tumameng angga,
Sigra majeng lan pangandika Gusti,
Anggoleki sapa iku,
Wangsulan aturira,
Yesus ingkang saka Nasaret puniku,
Gusti gya paring wangsulan,
Hiya nenggih Aku iki.

Yudas tan kantun ing ngrika,
Sesarengan samya anggrudug Gusti,
Kala panjenenganipun,
Amaringi wangsulan,
Hiya Aku iki lajeng samya rubuh,
Gusti malih mundhut pirsa,
Sapa kang sira goleki.

Ature caos wangsulan,
Yesus ingkang saka Nasaret niki,
Ngendika Dalem Sri Yesus,
Aku mau wis kandha,
Hiya iki yen padha nggoleki Aku,
Dimen wong-wong iki lunga,
Genepe sabda dumadi.

Kabeh kang wus pinaringna.
Datan wonten kang badhe ical yekti,
Nyekel pedhang Simon Petrus,
Angunus ponang pedhang,
Sinabetke abdinipun Imam Agung,
Nenggih Malkhus aranira,
Putus kang talinganeki.

Marang Petrus ngandikanya,
Gya sarungna kang ponang pedhang neki,
Aku mesthi kudu ngunjuk,
Cawan saka Hyang Rama,
Ingkang tuhu pinaringake mring Aku,
Bregada prajurit sarta,
Wirajaga wong Yahudi.

Nyepeng Gusti Yesus sigra,
Maring Hanas binekta purwaneki,
Hanas mara sepuhipun,
Nenggih Imam Kayafas,
Kalanipun kang jumeneng Imam Agung,
Dhawuh mring bangsa Yahuda,
Sakelangkung migunani.

Becik yen wong siji tiwas,
Murakabi kanggone bangsa iki,
Duk semana Simon Petrus,
Sarta murid liyanya,
Sigra mlebet atut wuri Gusti Yesus,
Nenggih imam agung tepang,
Petrus neng njawining kori.

Murid ingkang tepang imam,
Miyos malih rembagan lan pawestri,
Binekta Petrus lumebu,
Celathu pawestrinya,
Marang Petrus sampyan murid tiyang niku,
Petrus aparing wangsulan,
Menawi dede muridnya.

Pra abdi lan jagabaya,
Kang anjagi neng Pedaleman Suci,
Andadeni areng latu,
Awit bedhidhing krasa,
Sartanipun sami bedhiyan ing ngriku,
Petrus jumeneng sarengan,
Bedhiyan anyaket geni.

Imam Agung amurwaka,
Nyuwun pirsa tumanduk Yesus Gusti,
Sarta ingkang muridipun,
Ugi wulanganira,
Gusti Yesus paring pangandikanipun,
Aku tanpa tedheng mulang,
Kanggo wong sadonya iki.

Aku mesti amemulang,
Sinagoga lan Pedaleman Suci,
Papan wong Yahudi kumpul,
Tan nate sesidheman,
Kena apa pitakon marang Aku,
Takonana wong-wong ika,
Ingkang samya amirengna.

14. Apa ingkang dakwartakna,
Sanyatane kabeh padha mangerti,
Kang dakucapake sampun,
Sareng ingkang mangkana,
Kang anjagi napuk pasuryan Sri Yesus,
Sarwi sereng nguwuhira,
Mangkono sira nyauri.

Katur Imam Agung nika,
Paringipun wangsulan Yesus niki,
Menawa tembungku luput,
Lupute tuduhana,
Yen ta bener genea anapuk aku,
Sigra lajeng kadhawuhan,
Binekta Kayafas maring.

Petrus ngadeg lan bedhiyan,
Tiyang-tiyang asareng alok sami,
Muridipun tiyang niku,
Petrus selak nguwuhnya,
Lajengipun kadang abdi Imam Agung,
Talingannya kang tinebas,
Dening Petrus atureki.

Kasinggihan jengandika,
Kula ngertos ing taman Getsemani,
Tansah sesarengan tuhu,
Penjenengan sanyata,
Simon Petrus tetep nyelaki akukuh,
Sigra wonten suwantennya,
Jago kluruk kapiyarsi.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here