Bausastra Jawa: Kidung Wungu Dalem 2018, Kapirit Markus 16: 1-18

0
525 views
Ilustrasi: Paskah by Ist

Dhandhanggula

Mrih sarkara purna Sabat ari,
Marya Magdalena sartanira,
Maria nenggih ibune,
Rasul Dalem Yakobus,
Lan Salome ingkang madosi,
Tumbas reremponira,
Arsa menyang kubur,
Sinambi arerembagan,
Sapa bakal nggulingake watu iki,
Kanggo mbukak kuburan.

Sareng celak sami nguningani,
Sanyatane watu gedhe ika,
Wus ana sing nggulingake,
Lajeng mlebet mring kubur,
Sru nyipati jejaka iki,
Jubahe sarwa seta,
Lungguh tengenipun,
Padha kaget sanalika,
Sabanjure sang anom paring piweling,
Aja dha wedi sira.

Sejatine sira padha nglari,
Yesus ingkang wong Nazareth ika,
Wus wungu saka sedane,
Pesarean wus suwung,
Yektenana papanireki,
Kang sumare neng kana,
Dimen sira weruh,
Dipadha sigra mangkata,
Lan wartakna marang kabeh para murid,
Myang Petrus sartanira.

Sayektine Gusti ngrumiyini,
Tindakira menyang Galilea,
Aneng kana kowe kabeh,
Mesthi bakal sumurup,
Jumbuh Sabda Dalem ing nguni,
Sigra medal gancangan,
Nilaraken kubur,
Geter pater raosira,
Sami mbisu ing samargi awit wedi,
Nenggih salajengira.

Sigra matur ngarsa Petrus yekti,
Datan keri kabeh rowangira,
Weling lan pekabarane,
Sarta sasampunipun,
Gusti Yesus lantaran murid,
Martakke ngulon ngetan,
Warta suci iku,
Kabar kang tan bakal ilang,
Kabungahan karahayon kang sejati,
Kang lana salaminya.

Sor Blimbing, Setu Malem Paskah
30 Maret 2018

Ki Sandinama
———

Kidung Wungu Dalem 2017,Kapirit Matius 28:1-10

Dhandhanggula
Mrih sarkara ri Sabat puniki,
Kacarita Marya Magdalena,
Sarta Maria liyane,
Martuwi menyang kubur,
Sanalika horeg kang bumi,
Tumurun Malaekat,
Ngglundhungake watu,
Sarta lejengira lenggah,
Agemane mubyar lir salju lan thathit,
Kang jagi kamigilan.

Serdhadhune pindhane wong mati,
Malaekat sigra angandika,
Mring wanita kekarone,
Aja wedi mring aku,
Sun mangerti kang sira lari,
Gusti ingkang pinenthang,
Saiki wus wungu,
Kaya ingkang sinabda,
Gya dulunen papane sumare nguni,
Pra murid kabarana.

Gustinira sampun ngrumiyini,
Tindakira menyang Galilea,
Sira mengko weruh dhewe,
Sanyata pituturku,
Kabeh banjur nilar kuburan,
Wedi campur suka rena,
Sigra dha lumayu,
Matur marang murid ika,
Dumadakan kepethuk lan Yesus Gusti,
Paring salam raharja.

Lajeng sami anyaketi Gusti,
Sumawana angaras pepada,
Sarta ngaturke sembahe,
Lan pangandikanipun,
Dha mangkata lan aja wedi,
Age-age wartakna,
Marang kadang-Ingsun,
Mangkat menyang Galilea,
Aneng kana kabeh bakal nguningani,
Sun bakal sira sawang.

Sor blimbing 15 April 2017

Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here