Kidung Hari Ibu

0
310 views
Ilustrasi: Ibu adalah pahlawan (Romo Antonius Suhud SX)

Mijil

1. Purwanira Ari Ibu iki/
Kocap kacariyos/
Angadani konggres wanitané/
Kalihlikur Desember Masèhi/
Setu Wagé ari/
Tahun wolulikur//

2. Kaping sanga Rejeb warsa Alip/
Wukune kang primbon/
Prangbangkat lan windu Sancayeki/
Déné prastawa ingkang kapirit/
Dadi bibit kawit/
Yekti Ari Ibu//

Dhandanggula

1. Mrih sarkara ibu Nusantari/
Duk rikala ing ari pengetan/
Konggres kang kaping selawe/
Bung Karno kala niku/
Paring dhawuh awujud Dekrit/
Tigangatus nembelas/
Niku angkanipun/
Kala tahun seket tiga/
Hamengeti wanita labuh negari/
Pinathok Ari Rena//

Sorblimbing, Sukra Manis, 2212217
3 Bakdamulud 1951 Dal, Wuku Marakeh

 
Kidung Wanita Tama: Asmaradana

1. Sapa sinebut utami/
Tumrapé kanggo wanita/
Pa cukup ayu rupané/
Kaya kang padha cinandra/
Pasuryan lir rembulan/
Athi-athi turi ngudhup/
Alisé nanggal sepisan//

2. Bangkèkané nawon kemit/
Blalak-blalak netranira/
Kaya trajumas drijiné/
Lengen nggendhéwa pinenthang/
Nyengkir gadhing jajanya/
Waosira miji timun/
Taksih kathah candranira//

3. Iku péranganing njawi/
Gingsir ing samangsa-mangsa/
Sulistya kang sejatiné/
Wanita igané priya/
Yen wus kapundhut garwa/
Sinoroh wadi mring kakung/
Dadi sigaraning nyawa//

4. Bisa momong hamengkoni/
Nalika anambut karya/
Ywa tumpangsuh pakaryané/
Dènbisa amilah-milah/
Endi karya lan garwa/
Dimèn tan dhawah bebendu/
Margi nguja ingkang garwa//

5. Sakloron waspadèng dhiri/
Godha nèng sadhéngah papan/
Wani nyahak dudu haké/
Tuladha tan kirang-kirang/
Naréndra narapraja/
Bayangkari datan kantun/
Tamtama uga kawula//

6. Menèh ayu kang sejati/
Ruruh basa lumaksita/
Lahir tandhes lan batiné/
Ganja katon amrabawa/
Diunus èdi éndah/
Ywa kongsi sira sinebut/
Ganja ora unus ora//

7. Liré bisa nyimpen wadi/
Ngembang aluming bebrayan/
Wadi ywa diècèr-ècèr/
Pengalaman dadya dwija/
Diguwang tan kemrosak/
Sinimpen ora mbedhugul/
Dadi bundhelaning brayat//

8. Ywa kongsi kendho kang nyamping/
Sarta gelung aja udhar/
Yèn iku dumadi ngantos/
Kaya beling kang wus pecah/
Pulih mokal yèn bisa/
Bakal dadi parang tutuh/
Dadi tatu kulawarga//

9. Jarwadhosoké puniki/
Wanita wani ditata/
Margané kakung Imamé/
Nadyan tan na asor andhap/
Mapan punika kodrat/
Ywa seneng suwalèng kayun/
Nata baléwismanira//

10. SUradira jayèng bumi/
PARan bener yekti menang/
NYOba sira nggatèkaké/
BOdho yèn ta ora pana/
CAHya èstri ginambar/
DÉdé rupa ingkang ayu/
SAjati wanita tama//

Sor blimbing, Tumpak Palguna, 14122019
Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here