Kidung Kusumaning Bangsa – Pangkur

0
527 views
Hari Pahlawan by Tribunnews.com
  1. Sakpungkur dina mardika/
    Sanga September tumapake ari/
    Britania Agung dhawuh/
    Anyebar wara-wara/
    Surabaya sigra nungkula lan tundhuk/
    Pasrah gaman lan pawongan/
    Kang nyidra Malaby wingi/
  2. Bung Tomo sesorahira/
    Ngobarake semangat mudha-mudhi/
    Aja gelem nglumpruk nungkul/
    Ora mundur sejangkah/
    Nadyan prapteng pecah dhadha muncrat marus/
    Dhadhagana kamardikan/
    Segelar sepapan wani//
  3. Sepuluh Nopember dina/
    Surabaya dadi segara geni/
    Britania ngamuk punggung/
    Taruna tangkep jaja/
    Bebantene tan kaetang gunggungipun/
    Akeh mati tanpa aran/
    Dadi kusumaning nagri//
  4. Nembelas Desember rinya/
    Siji sanga seket sanga ing nguni/
    Kanthi Kepres nomeripun/
    Tigangatus nembelas/
    Saben sedasa Nopember dipunputus/
    Dina Kusumaning Bangsa/
    Kang sampun labuh negari//
  5. ANcase kidung punika/
    TONjokane ‘tur kusumaning nagri/
    NILar sanak bapa biyung/
    USada Nusantara/
    SUpaya gung lana kamardikanipun/
    PARanipun mugi Swarga/
    Nyoroh gesang ‘tur pertiwi//

Sor Blimbing, Buda Palguna, 30.10.2019
Ki Sandinama


.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here