Kidung Wiyosan Dalem: Kapirid Saking Injil Lukas

0
308 views
Ilustrasi (Ist)

KINANTHI

Kinanthenan salamipun,
Katur Teofilus iki,
Kathah tiyang mbudidaya,
Angrakit wartanireki,
Babagan prastawa ika,
Kados kang kula piyarsi.

Purwane paseksenipun,
Sartane sabda kang abdi,
Milanipun sasampuna,
Naliti prastawa iki,
Tliti wiwit mula buka,
Mula sun tetepke iki.

Anyerat dadine buku,
Kang tumata dimen ngerti,
Yen ta kabeh samubarang,
Kang diwulangake iki,
Pancen bener sanyatanya,
Nalikanipun diundhi.

Kados ing padatanipun,

Mutus imam kang piniji,
Kang lumebet pedaleman,
Ingkang nyata tuhu suci,
Kinen ambesem kang dupa,
Mangkya umat ngempal sami.

Sembahyang ing njawinipun,
Nalikanira ing nguni,
Sedhenge ambesem dupa,
Zakharia anyipati,
Malaekating Pangeran,
Jemeneng ing tengen sisih.

Sacedhake mesbahipun,
Zakharia kagyat yekti,
Malaekat gya ngandika,
Zakharia aja wedi,
Wus dikabulke donganira,
Elisabeth garwaneki.

Arsa mbabar putra kakung,
Jenengana ingkang mangkin,
Yohanes kang namanira,
Sira bakal sukeng ati,
Awit kang kang bakal kababar,
Bakal agung ngarsa Gusti.

Ora bakal ngombe anggur,
Sarta nginum liyaneki,
Kapenuhan Roh Sucinya,
Wiwit guwa garba saking,
Dheweke ingkang ndadosna,
Israele padha bali.

Dhateng Gusti ngarsanipun,
Sarta bakal mlaku yekti,
Minangka suba manggala,
Ing Roh kuwasane Eli,
Mahanani para yayah,
Bali marang para siwi.

Kang duraka tiyangipun,
Pikirane bali pulih,
Kagem Gusti dha siyaga,
Sakabehe kagem Gusti.
Aturipun Zakharia,
Kados pundi kang dumadi.

Nenggih kula sampun sepuh,
Semantena semah mami,
Wangsulane Malaekat,
Sang Gabriel ingsun iki,
Kang lelados kagem Allah,
Dipun utus dening Gusti.

Paring wartaipu niku,
Kang tumanduk sira iki,
Sanyata bakal dumadya,
Sira bisu nganti wanci,
Jumbuhe ingkang pawarta,
Awit tan pitados yekti.

Bener ing pangandikaku,
Yen wus tekan titi wanci,
Mangkya kang samya angantya,
Nenggih Zakharia niki,
Nalikane sampun medal,
Lesannya tan bisa muni.

Mangertos sedayanipun,
Wonten Pedaleman Suci,
Anampi wahyu sanyata,

Lajeng sasmita peparing,
Dhumateng para tetiyang,
Awit lesane tan muni.

Purna jejibahanipun,
Kondur mring wisma pribadi,
Elisabeth garwanira,
Sanyata wus anggarbini,
Laminipun gangsal warsa,
Datan nate medal njawi.

Elisabeth sigra ngidung,
Iki karya Dalem Gusti,
Ingkang tumanduk kawula,
Gusti sampun angluwari,
Saking kawirangan kula,
Wonten madyaning sesami.

MIJIL

Nenggih warti miyosipun Gusti,
Yesus Kristus yektos,
Candranira wus kaping eneme,
Nalikane Malaekat Gusti,
Gabriel mrepegi,
Galilea ngriku.

Ing Nasareth papanipun nguni,
Mring putri sejatos,
Nami Yusuf nenggih pacangane,
Tedhak turun Dawud trahireki,
Marya asmaneki,
Malekat lumebu.

Ngandikane Malaekat niki,
Salam ndika yektos,
Binerkahan Gusti manunggale,
Dewi Marya kejot manahneki,
Takon jroning ati,
Mireng aturipun.

Darunane menapa kang werdi,
Malekat cariyos,
Ya Maria sira aja wedi,
Awit sira tampa asih Gusti,
Sanyatane mangkin,
Anggarbini tuhu.

Lajeng benjing lahir jabang bayi,
Ponang kakung mengko,
Paringana asma bayi mangke,
Nenggih Yesus kang mengkone dadi,
Agung diarani,
Putra Allah luhur.

Diparingi dhampar Dawud mangkin,
Leluhure yektos,
Mangkenipun jumeneng natane,
Angratoni turun Yakub niki,
Ing salami-lami,
Tanpa akhiripun.

Aturipun Sang Maria Dewi,
Mokal yen dumados,
Kula nenggih tan wonten semahe ,
Aturipun Malaekat swawi,
Tumurun Roh Suci,
Nggih kuwaosipun.

Gusti Allah Maha Luhur yekti,
Amayungi dados,
Ponang bayi kang lahir ing mangke,
Putra Dalem kang sinebut Suci,
Kang sanyata ugi,
Elisabeth nengguh.

Kadangipun kang taksih anunggil,
Nggarbini sayektos,
Jabang bayi lanang ing mengkone,
Sasi kanem lungse yuswaneki,
Gabug duk ing nguni,
Kagem Gusti tuhu.

Boten wonten kang mokal sayekti,
Maria cumadhong,
Kula niki mung abdi Allahe,
Dumadosa jiwa raga mami,
Kados Sabda Gusti,
Malekat gya metu.

Elisabeth lan Maria nenggih,
Maria mirantos,
Lumaksana marang paredene,
Nuju kutha tlatahe Yahudi,
Mlebet wismaneki,
Zakharia niku.

Atur salam Elisabeth nguni,
Nenggih kacariyos,
Elisabeth mireng tur salame,
Sigra njondhil ponang jabang bayi,
Neng lebeting rahim,
Hyang Roh Suci penuh.

Sigra nguwuh aturira iki,
Binerkahan Manon,
Nadyan samai-sami wanitane,
Saha pinuji ugi uwohing,
Guwa garba niki,
Sinten kula niku.

Dene Ibu Dalem rawuh ngriki,
Anyaket sayektos,
Nalikane mireng kang salame,
Kapiyarsi talinganku iki,
Ponang bayi iki,
Nggronjal seneng tuhu.

Muga tansah mulya kang sejati,
Kang sami pitados,
Kados ingkang sampun disabdakke,
Saking Gusti kang mesthi dumadi,
Maria tur puji,
Manis aturipun.

DHANDHANG GULA

Jiwaningsun mulyakaken Gusti,
Manah kula suka lan gembira,
Wit Gusti Juru Slamete,
Ingkang ngreksa satuhu,
Abdi ingkang asor puniki,
Ingkang sanyatanira,
Wiwit dina iku,
Tedhak turun nyebat kula,
Bagya mulya awit Gusti wus makarti,
Agung pakaryanira.

Asma Dalem sanyata sinuci,
Rahmatipun run temurun sarta,
Kang ajrih marang Gustine,
Tinon kuwaosipun,
Asta Dalem ingkang makarti,
Leleh luluh sanyata,
Manah ingkang angkuh,
Linorot kuwasanira,
Nenggih saking kalenggahane ing nguni,
Kang asor jinunjungnya.

Kaparingna kang sae puniki,
Dhateng tiyang kang keluwen samya,
Kang sugih tinundhung mangke,
Kanthi tangan kang suwung,
Gya tetulung Israel abdi,
Margi dipun engetnya.
Nenggih rahmatipun,
Kados ingkang prajanjinya,
Pra leluhur Abraham saturuneki,
Kangge salaminira.

Dewi Marya lerem wonten ngriki,
Laminipun namung tigang wulan,
Neng daleme Elisabeth,
Sasampunipun kondur,
Nenggih niki caritaneki,
Yohanes Pembabtisnya,
Jangkep wulanipun,
Sigra mbabar ingkang putra,
Nalikane tangga lan kadang miyarsi,
Wartanira babaran.

Yen ta sampun Gusti amberkahi,
Milanipun sami suka-suka,
Tekan dina ping wolune,
Sunatan bayi niku,
Padha sami maringi nami,
Namane Zakharia,
Kados ramanipun,
Ingkang ibu aturira,
Jenengana Yohanes kang bayi iki,
Sami ngungun sedaya.

Sanalika binuka sayekti,
Zakharia banjur ngunandika,
Memuji Gusti Allahe,
Ajrih sedayanipun,
Ingkang manggen kanan lan kering,
Prastawa iku nyata,
Dadi kembang tutur,
Tlatah pareden Yudea,
Tiyang-tiyang celathu sartane ering,
Bocahe dadi apa.

Gusti paring berkah bocah iki,
Nenggih ingkang rama Zakharia,
Ameca pangandikane,
Pinuji Gusti ulun,
Nyata Allah Israel yekti,
Ingkang mrepegi umat,
Sarta paringipun,
Ingkang ngasta kamardikan,
Nukulake jinunjung wilujeng jati,
Kang tumanduk mring kita.

Tedhak turun Prabu Dawud aji,
Abdi Gusti kados kang kasabda,
Wiwit duk kuna-kunane,
Dening pra nabinipun,
Uwal saking satrune niki,
Sarta saking astanya,
Ingkang gething tuhu,
Nakyinaken rahmatira,
Mring leluhur sarta ngengetke niki,
Janji suci sanyata,

Janji dalem mring Abraham Nabi,
Nenggih bapa lan leluhur kita,
Yen Gusti paring berkahe,
Supaya kita ucul,
Saking satru lajeng ngabekti,
Mring Gusti lan ngibadah,
Tan ajrih satuhu,
Tetep bener suci nyata,
Ing ngarsane Gusti salawase urip,
Lan sira anak ingwang.

Ingkang mangke sagung putra siwi,
Gya sinebut dadi Nabi Allah,
Ingkang Maha Luhur dhewe,
Sira bakal lumaku,
Andhisiki tindake Gusti,
Nyawisake marganya,
Kangge umatipun,
Amaringi kang piwulang,
Ing babagan kawilujengan sejati,
Dosane dingapura.

Namung awit asih dalem Gusti,
Kanthi boga marepegi kita,
Surya enjing ing ndhuwure,
Paring pepadhang tuhu,
Kang manggen ing pepeteng niki,
Nemu bilahi bakal,
Dimen saged dunung,
Sukunira nemu marga,
Ingkang ayem tentrem tata sarta titi,
Sartane bagya mulya.

Ponang lare saya ageng yekti,
Saya dangu saya kiyat rohnya,
Nenggih anggennya mapane,
Neng ara-ara samun,
Datan kocap salami niki,
Dumugi mangsa kala,
Anggennya jumedhul,
Madyaning Israel bangsa,
Kalanira ngajengaken dinten Kersmis,
Miyose Sang Pamarta.

MIJIL

Sang Kaisar Agustus ing nguni,
Ngedalaken wartos,
Cacah jiwa kanggo sajagade,
Nembe ingkang kaping siji niki,
Nalikanireki,
Jaman Kirenius.

Anglenggahi kang wali negari,
Siria wewengkon,
Wong-wong iku banjur mangkat kabeh,
Kang dituju kuthane pribadi,
Semantena ugi,
Boten kantun Yusuf.

King Nasareth Galilea bumi,
Nyang Yudea yektos,
Kitha Dawud nenggih ing Betlehem,
Awit saking tedhak turuneki,
Kulawangsa iki,
Turun Prabu Dawud.

Gya cinacah jiwa Yusuf iki,
Lan kang nembe mbobot,
Myang Maria inggih pacangane,
Kalanira dumugi ing ngriki,
Dhawah titi wanci,
Nggih babaranipun.

Kang babaran miyos kakung siwi,
Kang mbarep ginedhong,
Nggedhongira angagem lampine,
Mung palungan papan bayi niki,
Tan saged pinanggih,
Pasipenganipun.
Pan kocapa ingkang wonten ngriki,
Sandya para pangon,
Kang anjagi mendanira mangke,
Dumadakan Malaekat Gusti,
Jumeneng neng ngriki,
Sanyata sinaput.

Kamulyane sumunar ngebaki,
Ajrih sarta kejot,
Malaekat gya pangandikane,
Iki kabar bungah aja wedi,
Ingkang agung yekti,
Kanggone sabumi.

Uwis miyos ing dina saiki,
Juru Slamet dados,
Kristus Gusti neng kutha Dawude,
Titenana tandha-tandha iki,
Yen sira nemoni,
Bayi kang binungkus.

Neng palungan binungkus ing lampin,
Dadakan gumrojog,
Sesarengan lan malaekate,
Sagung bala tantra saking Swargi,
Ngluhurake Gusti,
Nenggih unjukipun.

Minulyakna Allah Luhur Gusti,
Tentrem kang sejatos,
Wonten donya para kawulane,
Kang karenan wonten ngarsa Gusti,
Sampunipun iki,
Malaekat lalu.

Nilaraken saking papan ngriki,
Lajeng para pangon,
Ngunandika siji lan sijine,
Ayo budhal nyang Betlehem prapti,
Apa kang dumadi,
Kaya sabdanipun.

Sigra budhal sarta anemoni,
Apa kang dumados,
Maria lan Yusuf lan bayine,
Ing palungan nalikanireki,
Lajeng matur sami,
Kang kapireng tuhu.

Sagung tiyang ingkang amiyarsi,
Nenggih sami bengong,
Mirengaken pra pangon ature,
Maria nyimpen prekara iki,
Neng lebeting ati,
Anglelimbang namung.

Para pangon age padha bali,
Lan muji Hyang Manon,
Apa ingkang wus dituduhake,
Sarta ingkang sampun kapiyarsi,
Kabaripun nguni
Sedayane jumbuh.

PANUTUP

Sampun purna kidunge rinakit,
Mahargya kag miyos,
Rebo Pahing nujwari suryane,
Kaping tigalikur wulan Mei,
Kalihewu nenggih,
Kalihwelas punjul.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here