Bausastra Jawa: Kidung Fitri – Dhandanggula

0
503 views
Ilustrasi: Hari Raya Idul Fitri. (Ist)
1. Nyata manis purna Siyam suci,
Sru anapak tanggal siji Syawal,
Patbelas telu sangane,
Hijriyah warsanipun,
Sedulurku pra kadang Muslim,
Sing fitri jiwa raga,
Ngarsa Gusti tuhu,
Tanapi marang sasama,
Sesahutan kapireng kumandhang takbir
Nenggih Allahuakbar.
2. Anak putu kalane riyadi,
Ngatuturake sungkem sarta sembah,
Hanyenyuwun pengestune,
Tanapi kadangipun,
Sesalaman silaturahmi,
Apura ingapuran,
Awit lepatipun,
Sumawana mitra darma,
Adoh cedhak manunggal ati nyawiji,
Riyadi saya endah.
3. Mirunggane ing jaman samangkin,
Toleransi tatu arang kranjang,
Muga dadi wiradate,
Bali rukun satuhu,
Pancasila dhasar negari,
Ngrengkuh kabeh agama,
Neng bebrayan agung,
Memayu myang Nusantara,
Haywa kongsi rebut balung tanpa isi,
Ilang suhing negara.
4. Dadya tamba jaman sapuniki,
Dimen mendha ingkang sami dredah,
Rebut bener sakarepe,
Beda kang rebut luput,
Anoraga nglenggana dhiri,
Ngarsa Dalem Hyang Suksma,
Lan sesaminipun,
Uripe mat sinamatan,
Lamun beda rinasa edi lan suci,
Gung Kang Maha Kuwasa.
Sorblimbing, 04062018

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here