Bausastra Jawa: Kidung Kamulyan Dalem

0
1,335 views
Yesus menampakkan kemulian-Nya di atas puncak Gunung Tabor. (Ist)

Kinanthi

  1. Gusti Yésus nganthi Pétrus,
    Yohanes kadangirèki,
    Yakobus semono uga,
    Sami ndonga minggah hardi,
    Kalané Gusti sembahyang,
    Pasuryan ageman kèksi.

2. Gumebyar katon dinulu,
Ketingal tetiyang kalih.
Ngarsa Gusti wawan sabda,
Élia lan Musa Nabi,
Gusti tinon kamulyan-Nya,
Kang rinembag pan puniki.

3. Tindak Dalem Gusti Yésus,
Karsanipun anjangkepi,
Dhateng Yèrusalèm kitha,
Murid Dalem telu kuwi,
Tan rinaos ketileman,
Sampunira sami tangi.

4. Kang kaèksi Gusti Yésus,
Celakira tiyang kalih,
Kalanira arsa linggar,
Petrus majeng matur Gusti,
Sanget mulya raosing tyas,
Keparenga wonten ngriki.

5. Kula mangun tigang tarub,
Kang setunggal kagem Gusti,
Kaping kalih Nabi Musa,
Katrinya Elia Nabi,
Saluguné Pétrus ika,
Nggènnya matur ora ngerti.

6. Wonten méga amemayung,
Tetiga piyayi kuwi,
Lajeng manjing malbèng méga,
Para murid sami ajrih,
Ana swara kapiyarsa,
Hiya iki Putra Mami.

“7” Pilihan-Ku kang satuhu,
Dhawuhé èstokna sami,
Nalikané kapiyarsa,
Gusti sampun tanpa kanthi,
Para siswa sru prasapa,
Boten badhé nyebar warti.

Kapirit saking Lukas 9: 28b-36
Waosan Injil Minggu, 17 Maret 2019
Sor Blimbing, 09032019
Ki Sandinama

Bausastra Jawa: Kidung Jatining Panembah

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here