Bausastra Jawa: Kidung Pringgolayan

0
339 views
Gereja St. Paulus Paroki Pringgolayan, DIY. (Ist)

Kidung Pringgolayan untuk Paroki Pringgolayan

Mijil

Mijilira Paroki puniki,
Wiwitan dumados,
Gedhongkuning sarta Kotagedhe,
Datan kantun Giwangan tumuli,
Kanthi Ekaristi,
Mapan dalemipun.

Pak Sarjono Sukirjo ing nguni,
Inspirasi dados,
Lajengipun ing kring Kotagedhe,
Gya binage lajeng kang dumadi,
Sigra dados kalih,
Matias satuhu.

Angen-angen wonten greja malih,
Sawetan Gajahwong,
Kang menggalih nenggih Rama Vikep,
Blasius Pujaraharja niki,
Nulya kang gumanti,

Novenane lajeng diayati,
Nyenyuwun Hyang Manon,
Ngudi arta saking kalih kringe,
Tigang dasa setunggale Mei,
Gusti amaringi,                                                                                                Warsa pitu-pitu.

Rama Kanjeng sigra amaringi,
Gangsal yuta mawon,
Tinumbasna siti kang wiyare,
Mung kalih ewu meter persegi,
Sinten kang maringi,
Kardinal Yustinus.

Suryanipun wolung dasa nenggih,
Tambah siti dados,
Tigangatus meter persegine,
Dananipun saking umat sami,
Gya Dewan Paroki,
Ing Bintaran Yusup.

Panitia sigra diadani,
Amrih greja dados,
Cornelius Tjiptasumartane,
Bapak Dewa Sutaryono ugi,
Mudjijo tan kari,
Bapak Djeni tumut.

Ping sedasa Nopember Masehi,
Jawah tan rinaos,
Wolung dasa setunggal suryane,
Rama Sunarka ingkang piniji,
Masang batu sendhi,
Miwiti memangun.

Anyarengi amekaripun kring,
Xaverius miyos,
Dewan Stasi sigra dijenengke,
Sutaryono nenggih kang pangarsi,
Bapak Dewa ugi,
Sareng ramanipun.

Rama Sutawibawa nenggani,
Kirjito lelados,
Sesarengan kaliyan umate,
Sangangatus seketsanga malih,
Tumbasipun siti,
Arta umatipun.

Arinipun nika Setu Pahing,
Selangkung dumados,
Januari niki sengkalane,
Rasa Angesti Luhuring Widi,
Binerkahan Gusti,
Lumantare Uskup.

Neggih sampun grejane dumadi,
Bingah kang rinaos,
Sinengkuyung Bupati Uskupe,
Mis Sucine Monsinyur Riyadi,
Ringgit natas ratri,
Dhalange Ki Timbul.

Dhandhanggula

Saya manis Pringgolayan stasi,
Kalanira tahun sangangdasa,
Rawuh Suster P R R re,
Novisiat puniku,
Sarta suster sinau sami,
Sinarengan mekarnya,
Reh lingkunganipun,
Sanjayane dados tiga,
Sanesipun Matiase dados kalih,
Dados pitung lingkungan.

Warsanira sangangdasa kalih,
Grejanipun saya kawiyarna,
Wonten ing sisih kidule,
Gya rawuh Bruder niku,
Mariane Kang Tanpa Ciri,
Lingkungan ingkang enggal,
Gregorius Agung,
Matiase dados tiga,
Maria Marta lan Angela Merici
Sabda Gusti ngrembaka.

Puji Gusti paring siti malih,
Tarsisius Haryatno Maria,
Ingkang dadi dedalane,
Sewu meter wyaripun,
Lingkungane Mikael mijil,
Binangun nggo tetirah,
Wonten sisih kidul,
Kalihewu suryanira,
Madegira papan sarta Panti Stasi,
Binangun margi greja.

Nalikane Pringgolayan Stasi
Kang Pangene Antonius Rama,
Jarot Kusno Priyanane,
Pastoran gya binangun,
Nadyan namung prasaja yekti,
Setahun sampunira,
Tumbas sitinipun,
Sewu meter kira-kira,
Dana umat sarta Keuskupan saking,
Nadyan namung ampilan.

Kalihewu sekawane niki,
Gya rinancang papan wewangunan,
Kang sinebut Tim Master Plen,
Suparnjo Antonius,
Pangarsane ingkang piniji,
Purnane karyanira,
Tapak asma Uskup,
Pitu Maret kalanira,
Kalihewu nem ganti Suryo Gunadi,
Neng Paroki Bintaran.

Kalihewu pitu anapaki,
Kalih likur lingkungan jangkepnya,
Kaya kasebut ing kene,
Blasius Isidorus,
Lan Maria Ratu Rosari,
Bartolomeus ika.
Ambrosius Markus,
Xaverius lan Barnabas,
Agustinus Yakobus Fransiskus sarwi,
Alphonsus Richardus GAS.

Sugiyopranoto lan Sanjaya.
Bernadeta kang sartane,
Bunda Theresa niku,
Dha cecawis dadi Paroki,
Nenggih idhamanira,
Darbe pangen tuhu,
Mis padinan lumaksana,
Reksanira pastoral sarta rohani,
Dadya boganing jiwa.

Pun binangun Pastorane nenggih,
Pagarsanya Ki Budi Santosa,
Binerkahan Minggu Wage,
Wulan April nemlikur,
Ing Mis Suci Konselebrasi,
Nenggih Saryanto Rama,
Kang Pangarsanipun,
Binerkahan selanira,
Kang sapisan pinasang pinangka sendhi,
Tahun rongewu sanga.

Kalih pupuh sekare puniki,
Hamengeti jangkepe sawarsa,
Kang dumadi Parokine,
Senadyan dereng wutuh,
Kang tumapak Administratif,
Agustus gangsalwelas,
Ing riyadinipun,
Kapundhut Ibu Maria,
Jiwa raga gya lumebet Swarga adi,
Kalihewu sewelas.

Wusanne Paroki mandiri,
Kalihewu pitulas kalanya,
Januari ping selawe,
Binerkahan Robertus,
Uskup Rubiyatmoko nenggih,
Kanjeng Biskop Semarang,
Umat sujud nuwun,
Binerkahana sedaya,
Sumawana dadi berkah mring sesami,
Paroki Pringgolayan.

Purna sampun kidungan rinakit,
Sanyatane kathah kekirangan,
Mung nyenyadhong apurane,
Kadereng sembah atur,
Panuwunku konjuk ing Gusti,
Slasa Palguna rinya,
Januari wolu,
Kaping pitu mangsanira,
Kalihewu sangalas wonten Sor Blimbing,
Pengetan kalih warsa.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here