Bausastra Jawa: Kidung Rahayu-Dhandanggula

0
260 views
Ilustrasi: Yesus dan para murid. (Ist)

1. Mrih sarkara iki Sabda Gusti
Rahayu wong kang semangat papa
Swarga kang bakal kadarbé
Malih ingkang rahayu
Kang satuhu nandhang prihatin
Panglipur kang tinampa
Lan uga rahayu
Tiyang ingkang lembah manah
Awit iku kang bakal marisi siti
Hayu kang ngelih ngelak

2. Ngelih ngelak kautaman jati/
Kabutuhan bakal kecukupan/
Hayu kang ambeg welasé
Kang badhé nampi tuhu
Kawelasan kang saka Gusti
Hayu resik ing nala
Margi tembénipun
Bakal bisa nyawang Allah
Rahayu kang mangun tata tentrem titi
Yèku putraning Allah

3. Rahayu wong kang dioncit-oncit
Marga njunjung marang kautaman
Bakal nduwèni Swargané
Sarta sira rahayu
Diala-ala dirasani
Kang mangka ora nyata
Marga saka Aku
Dipadha suka gembira
Awit gedhé ganjaran kang anèng Swargi
Lir nabi duk semana

Kapirit saking Injil Matius 5:3-12
Ki Sandinama
Sor Blimbing, 07012019

Bausastra Jawa: Kidung Epifani -Pangkur

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here