Bausastra Jawa: Kidung Rubiyatmoko

0
560 views
Uskup Agung KAS Mgr. Robertus Rubiyatmoko menerima pallium dari Paus Fransiskus, Kamis tanggal 29 Juni 2017. (Ist)

Dhandhanggula

1.
Amrih manis Keuskupan iki
Kalanira ari Tumpak Jenar,
Maret tanggal wolulase,
Tanapi warsanipun,
Kalihewu pitulas nguni,
Sanyata tinanggenah,
Lenggah dhampar suwung,
Rubiyatmoko silihnya,
Kang tinuding Sri Paus Fransiskus yekti,
Dados Uskup Semarang.

2.
Rantamane upacara suci,
Sukra Manis Mei ping sangalas,
Kalihewu pitulase,
Semarang kithanipun,
Mapan Akademi Polisi,
Ngaluhur sinengkakna,
Jejuluk Monsinyur,
Jubah Uskup sumawana,
Asesupe mitra teken pangen adi,
Kang ngemu jejibahan.

3
Pralambange Bapa Uskup iki,
Gambar tameng kang pinara tiga,
Nginggil kiwa lan tengene,
Kang ngandhap ageng langkung,
Latar biru gununge putih,
Bumi tanah wutah rah,
Pradesan kang subur,
Lor katon Merapi arga,
Ing akasa  gambar lintang nginggil wukir,
Lambang Hyang Maha Mulya.

4
Sisih tengen perangane nginggil,
Wewangunan traju warna jenar,
Sayekti kawasisane,
Babagan kawruh kukum,
Ngisor tameng awarna kuning,
Lah iku Cempe Paskah,
Seta warninipun,
Noleh nengen madhep ngiwa,
Mustakane winangun kamulyan suci,
Warni pethak Salib bang.

5
Suku tengen Cempening Illahi
Angengapit  cagake gendera
Ana Salib ing pucuke,
Gendera Georgius,
Warna abang ngisore putih,
Lambang Sang Kristus menang,
Pepatine nutut,
Sarta wungu saka seda,
Nylametake manungsa salumah bumi,
Iman Katolik nyata.

6
Sanginggile tameng kados topi,
Warna wilis galero winastan,
Mitra Klerus pratandhane,
Sedasa cacahipun,
Jumbai munggweng mitrane kuwi,
Tanapi Salib Pancang,
Kalih palangipun,
Lah punika tandhanira,
Kang angrasuk lan kagungan tandha iki,
Uskup Agung sanyata.

7
Kang pungkasan ngandhap tameng iki,
Warna kuning asemu kencana,
Aneng kono tulisane,
Mung Latin basanipun,
Lah punika maknanireki,
Ngupadi sartanira,
Peparing rahayu,
Anenggih sesantinira,
Mirit saking ayatipun Lukas Injil,
Gegaraning makarya,

8
Sagung umat mangga amemuji,
Konjuk Gusti Ingkang Maha Reksa
Nir sakara sakabehe,
Adicara puniku,
Dadi berkah Pasamwan Suci,
Dimen dadia tandha,
Gusti nyata rawuh,
Kraton Dalem gya rawuha,
Nenggih wonten ing donya kados ing Swargi,
Hambabar kabungahan.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here