Bausastra Jawa: Kidung Sangsara Dalem, Kapirid Saking Injil Yoh: 18:1-40; 19:1-42 (2)

0
383 views
Ilustrasi Holy Week by Billiran

DURMA

Durmaningkang mbekta Yesus king Kayafas,
Mring pengadilan iki,
Ari maksih enjang,
Datan mlebet tetiyang,
Wonten pengadilan yekti,
Istingarahnya,
Ajrih bilih anajis.

Margi ndungkap Riyadi Bojana Paskah,
Pilatus sigra mijil,
Manggihi tetanya,
Paran gugatanira,
Kang tumanduk mring wong iki,
Sareng wangsulan,
Dede durjana yekti.

Boten badhe kawula samya anggugat,
Angladosaken mriki,
Pilatus ngandika,
Marang wong-wong ing kana,
Pidananen ta wong iki,
Laras Taurat,
Ature wong Yahudi.

Tan kepareng paring pidana sasama,
Kadya sabdane Gusti,
Kang sampun kawedhar,
Mratelakaken nika,
Kepriye sedane mangkin,
Lumebet sigra,
Mangkya Pilatus niki.

5. Tinimbalan sigra Sri Yesus tinanya.
Apa ta sira Aji,
Raja wong Yahuda,
Yesus paring wangsulan,
Napa pangandikaneki,
Saking priyangga,
Punapi king sesami.

6. Ingkang samya ngaturke prekawis kula,
Gya Pilatus mangsuli,
Aku wong Yahuda,
Wangsanira priyangga,
Sarta para imam sami,
Samya ngladosna,
Aneng ngarsane mami.

Panjenengan sampun tumindak punapa,
Yesus wangsulan paring,
Yen Keraton ingwang,
Yekti tan saking donya,
Menawi ta saking ngriki,
Pra abdi kula,
Tamtu sami mbelani.

Kraton ingwang mangka boten saking ngrika,
Pilatus taken malih,
Panjenengan Raja,
Yasus paring wangsulan,
Andika ngandika yekti,
Yen Aku Raja,
Pramila kula lahir.

Kangge niki Kula perlu dhateng donya,
Kanggo paseksen iki,
Wong kang asalira,
Saka bebener nyata,
Wong kang asal saka iki,
Mirengken kula,
Pilatus taken malih.

Apa iku bebener ingkang sanyata,
Purna ngendika iki,
Pilatus gya medal,
Pinanggih wong Yahuda,
Sarta lajeng ngendikani,
Datan kapanggya,
Lupute wong puniki.

Kalanira ngarepke Riyagung Paskah,
Kanggomu takluwari,
Kang narapidana,
Piye yen wong Yahuda,
Wangsulane sora sami,
Wong kuwi aja,
Nanging Barabas iki.

Bausastra Jawa: Kidung Sangsara Dalem, Kapirid Saking Injil Yoh: 18:1-40;19:1-42 (1)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here