Bausastra Jawa: Kidung Sangsara Dalem, Kapirid Saking Yoh: 18:1-40; 19:1-42 (4)

0
324 views
Drama penyaliban Yesus by Paulus Trianto - Balikpapan

MEGATRUH

Kang megatruh awit Gusti sampun putus,
Sadaya wus tuntas tapis,
Ngandika Panjenenganipun,
Lir sinerat Kitab Suci
Angandika Aku ngorong.

Kembang karang cinelup anggur kang kecut,
Katur tutuk Dalem Gusti,
Purna ngujuk gya anguwuh,
Sampun purna kapiyarsi,
Tumungkul ngaturaken Roh.

Kalanipun samya cecawis satuhu,
Dimen ingkang Sabat ari,
Tan wonten layon gumantung,
Ingkang wonten kayu salib,
Dinten Sabat ingkang aos.

4. Wong Yahudi samya sowan mring Pilatus,
Keparenga paring idi,
Angremuki suku-suku,
Angedhakken layoneki,
Sigra prajurit mirantos.

Wong kapisan sigra sikile rinemuk,
Lajengipun liyaneki,
Kang sinalib sareng Yesus,
Prapteng ngajeng Yesus Gusti,
Sampun seda kala tinon.

6. Tan estu rinemuk suku dalem Yesus,
Salah sijine prajurit,
Anjojoh lambunge Yesus,
Dres rah sarta toya mijil,
Tiyang ingkang samya nonton.

Padha suka paseksen ingkang satuhu,
Paseksene nyata yekti,
Sarta sami ngertosipun,
Ambabar bebener jati,
Kareben sira pitados.

Marmanira punika dumadosipun,
Lir tinulis Kitab Suci,
Tan ana balung rinemuk,
Nas liyane kang tinulis,
Anyawang ingkang jinojoh.

POCUNG

Arimatea Yusuf arsa amocung,
Sri Yesus muridnya,
Kanthi sesidheman ajrih,
Anyenyuwun mring Pilatus keparenga.

Hangedhakken layon dalem Gusti Yesus,
Pilatus marengna,
Yusuf kang panyuwuneki,
Lajengipun andhatengi papan kana.

Gya tumuli layon dipun bekta mudhun,
Nikodemus sarta,
Andhatengi papan ngriki,
Nenggih ingkang sowan Yesus ratri kala.

Kang ambekta lisah mur sarta gaharu,
Seket kati wratnya,
Samya ngrukti layon Gusti,
Dikafani binungkus ing badhe lenan.

Binedhakan sarta adon-adonipun,
Adate Yahuda,
Lumrahe yen ngrukti jisim,
Caket papan nalika Yesus kapenthang.

Wonten taman salebeting papan iku,
Kuburan kang anyar,
Dereng kangge metak jisim,
Marganira arinya ndungkap riyaya.

Riyadine Paskahe Yahudinipun,
Tan tebih kuburnya,
Sasampunipun rinukti,
Mila lajeng Yesus sinarekna ngrika.

PANUTUP

Purna sampun Sangsara Dalem kaimpun,
Buda kang arinya,
Anyarengi sanga Mei,
Kalihewu kalihwelas suryanir.

Bausastra Jawa: Kidung Sangsara Dalem Kapirid Saking Yoh: 18:1-40; 19:1-42 (3)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here