Kidung Bendu Pepitu – Pangkur

0
91 views
Ilustrasi Ist

Pangkur

  1. Éling yèn tan nyingkur dosa/
    Kapireng saking Pedaleman Suci/
    Dhawuh malaékat pitu/
    Nyangking bokor mring donya/
    Saking Gusti ingkang isiné bebendu/
    Malaékat sigra budhal/
    Mestu dhawuh dalem Gusti//
  2. Sinuntak bokor kapisan/
    Gya warata myang salumahing siti/
    Janma nandhang korèng wudun/
    Lara kagila-gila/
    Tiyang ingkang manembah brahala nengguh/
    Wujud tenger sato kewan/
    Sinembah diaji-aji//
  3. Kapindho bokor binuka/
    Ing jaladri banyu gya dadi getih/
    Kaya marusé wong lampus/
    Pejah sato samodra/
    Ora ana ingkang kalis sedayanipun/
    Ngathang-athang dha kemambang/
    Dadi bathang tanpa aji/
  4. Kang katelu ya siniram/
    Tuking banyu sumebar kabèh kali/
    Banyu kali dadi marus/
    Bebenduné anyidra/
    Para suci sarta nabi kang diutus/
    Padha ngombéa ludira/
    Gusti kuwasa lan adil//
  5. Bokor malékat kapapat/
    Isiné siniram pratanggapati/
    Hambesmi tetiyangipun/
    Ingkang nyenyamah Allah/
    Nguman-uman Asma Dalem ingkang luhur/
    Kang tuhu maha kuwasa/
    Tan martobat lan nggetuni//
  6. Nyuntak bokor kang kalima/
    Mring dhamparing kraton beburonèki/
    Sakala peteng kalimput/
    Nggeget ilat lan lara/
    Parandéné malah nyamah Gustinipun/
    Marga gudhig krasa lara/
    Ngono tan martobat bali//
  7. Bokor ping nem ya sinuntak/
    Madyèng kali Efrat sakala garing/
    Dadi dalan para ratu/
    Saka tanah brang wétan/
    Sigra medal naga saking tutukipun/
    Nabi palsu buronira/
    Sétan telu roh ijajil//
  8. Werdinipun kang kacetha/
    Kang angimpun ratu salumah bumi/
    Namung kanggo perang campuh/
    Rawuh-Ku lir durjana/
    Rahayua siyaga sandhanganipun/
    Tan bakal lumaku wuda/
    Ngadhepi ariné Gusti//
  9. Bokor kapitu pungkasan/
    Isinipun binuwang wonten langit/
    Kapireng suwara nguwuh/
    Saking Daleming Allah/
    “Wis kelakon” nuli ana thathit gludhug/
    Lindhu gedhé ngguncang jagat/
    Kutha sigar tiga dadi//
  10. Babel myang èngetanira/
    Pinaringan tuwung dukané Gusti/
    Ilang pulo gunung-gunung/
    Udan ès lan prahara/
    Ageng-ageng ès sadhacin awratipun/
    Awit padha nyamah Allah/
    Bebenduné nggegirisi//
  11. Nyambi ngangSU Sandinama/
    Wulet lir tamPAR lungit Kitab Suci/
    Lanyo-laNYO kumowantun,
    KekirangAN mayuta/
    Ingkang kaTON sekar rinakit puniku/
    Udhu waNI kurang duga/
    Paring wuwUS kula tampi//

Sumber & inspirasi: Wahyu 16:1-21
Sor Blimbing nalikané
Malem Jemuah Kliwon, 15102020.
Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here