Kidung Imam Lelima

0
175 views
Ilustrasi: Misa bersama para imam lintas tarekat.

Dhandhanggula

1. Hamemanis Pasamuan Suci/Sinten kang pinilih jinebatan/Dadi manggala Sabda-Né/Gangsal welas Agustus/Tigang dasa warsi kawuri/Rama Subagya Praja/Saryanta tan kantun/Tanapi Martasujita/Rama Giyono sarta Atas Wahyudi/Nampi berkah Imamat//

2. Jurung donga sumawana muji/Tinebihna Imamé lelima/Kalis saking rubédané/Umat Dalem nyengkuyung/Angemban dhawuh dalem Gusti/Uskup dadi lantaran/Pundi karyanipun/Bagas waras jiwa raga/Gregetira tan kemba ladi sesami/Njagi jiwaning janma//

3. Pèngetané tigang dasa warsi/Tan semoa amargi corona/Muga tan nyuda maknané/Dadia lampah laku/Mesu dhiri caket mring Gusti/Ndedonga anoraga/Lubèr rahmatipun/Pro Eclesia Patria/Dadi berkah nyawiji Imamat Suci/Nyulam jiwa kang rengka//

4. Kidung iki ‘tur panuwun mami/Ingkang paring Imamé lelima/Sumangga kathah dongané/Unjuk katur Hyang Agung/Pamrih Pasamuan kang Suci/Ageng saya ngrembaka/Rumambah sempulur/Nyuwun ngapura lepatmba/Yèn kidungan puniki ora mranani/Owahana sumangga//

Sor Blimbing, 22072020Ki Sandinama 

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here