Kidung Litani Santo Yusup

0
438 views
Pribadi Yang Taat Pada Allah: Santo Yusuf by Bartolome Murilo.

DHANDHANGGULA

1. Anggegadhang welas dalem Gusti/Mring Sang Kristus nyuwun kawelasan/Lilanana munjuk mangké/Ngabulna panyuwunku/Allah Rama dedalem Swargi/Mba nyuwun kawelasan/Hyang Putra Panebus/Hyang Roh Suci melasana/Trimulya kang linangkung Allah sawiji/Mba nyuwun kawelasan//

2. Hangrerepa nyadhong pangastuti/Dèwi Marya Ibu Dalem Allah/Lan Santo Yusup garwané/Trahipun Prabu Dhawud/Sunaripun tiyang sabumi/Garwa Ibuning Allah/Kang ngreksa satuhu/Sang Hyang Putra kang manjalma/Kang ngayomi Sang Timur kalané nguni/Cuwak Brayat Minulya/

3. Santo Yusup sakelangkung adil/Murni sarta tuhu wicaksana/Sanget teguh penggalihé/Tanapi mbangun turut/Setya tuhu sabar ing galih/Prasaja sugengira/Cagak brayatipun/Panglipuré wong cilaka/Paranipun tiyang ingkang nandhang sakit/Sarta kang badhé léna//

4. Cempéning Allah ingkang sejati/Ingkang mbirat dosaning manungsa/Mba nyuwun kamirahané/Lan kinabulna ulun/Nyuwun welas Ngarsané Gusti/Santo Yusup ngarsanta/Kula sami nyuwun/Dadosna warganing brayat/Kang Minulya kadi ing Nasarèt nguni/Sumangga handedonga//

5. Adhuh Gusti wit pangreksanèki/Kang sanyata tan kinaya ngapa/Kang miji Santo Yusupé/Garwa Dalem kang luhur/Mugi dados pandonga mami/Kang wus mulya ing Swarga/Ing salaminipun/Awit Gusti ingkang gesang/Mengku Keprabon kuwaos sapuniki/Sarta ing salaminya/

6. Andelira hanyarkara wani/Tonto saking kala kina-kina/Suprih langggeng budayané/Parandéné tan gaduk/Nyobi ngidung namung tan èdi/Mardawa kajengira/Tobat tan pinangguh/Saglugut pinara sapta/Paribasan aji godhong jati aking/Jothakna ya sumangga//

Sor Blimbing, Riyadi Santo Yusup, Sukra Cemengan, 19032021Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here