Kidung Mirahingsun

0
151 views
RIP Veronica Herwangi Dwi Kusrini Kusumo

Megatruh

  1. Papat Juli tahun rongèwu rongpuluh/
    Nuju ari Setu legi/
    Wus pinegat mas mirahku/
    Nyi Hèrwangi Dwi Kusrini/
    Tinimbalan mring Hyang Manon//
  2. Lir sinendhal sapandurat manah ulun/
    Tan bisa ngucap ing lahir/
    Gya manah tinata sampun/
    Padhang sumarah mring Gusti/
    Jer ingkang murba kuwaos//
  3. Jurung donga nyenyuwun sarta manekung/
    Paringana kula niki/
    Sémah sanak anak putu/
    Rahmat kang adi kodrati/
    Mrih tentrem kiyat tan séwot//
  4. Tinampia kang kapundhut mirahingsun/
    Malbèng Swarga langgeng adi/
    Dadia lantarnipun/
    Berkah kang tinilar sami/
    Ngimani saya pitados/
  5. Nenggih sampun dhawah titi wancinipun/
    Wadhag manjing bumi Minggir/
    Bali asalé mung lebu/
    Rinengkuh Ibu Pertiwi/
    Sarwi ngrantu jaman mengko//
  6. Purna sampun kidung pepisahanipun/
    Matur nuwun mring sesami/
    Kadang rowang kang bebantu/
    Kulawarga kang rudatin/
    Gusti kang paring gegantos//
  7. MAnah kula mung suméndhé karsanipun/
    NYObi sampun miradati/
    RUpa réka wus katempuh/
    DAtan saged sélak Gusti/
    TINimbalan mung cumadhong//

In memoriam Veronica Herwangi Dwi Kusrini Kusumo

RIP 3 September 1961 – 4 Juli 2020
Sor Blimbing, 06072020
Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here