Kidung Narosada – Asmaradana

0
729 views
Ilustrasi: Para perawat RS Panti Rapih Yogyakarta di ruang penerimaan pasien by Sr. Yosefine CB.

1. Kasmaran pakaryanèki,Ngudi ambrastha corona,Tatag tangguh sarta tanggon,Kala lali kulawarga,Dokter pamulasara,Tanapi ingkang bebantu,Pra nara wisma husada.
2. Kathah sampun ingkang lalis,Sartane kang nandhang raga,Hanuhoni pakaryané,Kang lara énggal waluya,Kang séda malbèng Swarga,Balia sira pageblug,Marang sangkan paranira.
3. Ageng tur panuwun mami,Tan kantun nyuwun ngapura,Awit wangkot tumindaké,Nerak ugering usada,Kidung rinakit ika,Mugi dadia pisungsung,Katur nara husada.
4. SUradira jayeng bumi,PARan bener yekti menang,NYOba yèn kabèh nggatèkké,BOdho ingkang sami nerak,CAHyané bakal sirna,DÉdé lepaté kang nuntun,SApa kang ora ngupaya.
Sor Blimbing, 20052020Ki Sandinama

NB: Dipersembahkan untuk tenaga medis non medis karyawan rumah sakit yang berjuang di garda terdepan, dan yang gugur dalam tugas kemanusiaan.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here