Kidung “Sembah Bekti”

0
281 views
Doa "Salam Maria"

Asmaradana

  1. Awit katresnan Sang Dèwi/
    Bekti katur Ibu Marya/
    Kang kinasih ing Gustiné/
    Pangéran nyata manungga//
    Sami-sami wanita/
    Sang Dèwi pinuji langkung/
    Sartané pinuji uga//
  2. Wohing Slira Dalem Gusti/
    Sri Yésus ingkang ginarba/
    Dèwi Maria Ibuné/
    Ibu Dalem Sang Hyang Putra/
    Kawula tiyang dosa/
    Pangèstu dalem kasuwun/
    Sapunika praptèng laya//

Sor Blimbing, 20072021

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here