Kidung Slira Lan Rah Dalem -Asmaradana

0
308 views
Hosti dan Anggur ,menjadi Tubuh dan Darah Kristus --ist

1. Tresna Dalem Kanjeng Gusti/Tan kinira tan kaduga/Wiwit mula salawasé/Israèl nalikanira/Keluwèn kurang boga/Ngambah ara-ara samun/Anampi roti katedha//

2. Reksa Dalem praptèng mangkin/Tuwung ingkang binerkahan/Gya manunggal Rah Gustiné/Roti kang pinara-para/Nyawiji lan Slira-Nya/Slira Rah Dalem Sang Kristus/Sedaya yekti manunggal//

3. Iki Sabda Dalem Gusti/Ingsun roti saka Swarga/Kang mangan langgeng uripé/Nyata iki Daging Ingwang/Kanggo nguripi jagat/Wong Yahudi clathu padu/Paran daging dadi pangan//

4. Sanyata pitutur Mami/Yèn ta sira ora mangan/Putra Manungsa dagingé/Sarta ora ngombé Rah-Nya/Tan darbé urip lana/Sapa kang mangan Daging-Ku/Tanapi ngombé Rah Ingwang//

5. Bakal urip ing salami/Tekan pungkasaning jaman/Mesthi bakal Suntangèkké/Dagingku satuhu pangan/Rah Ingsun ombènira/Bakal manunggal mring Aku/Aku manunggal mring sira//

6. Lir Hyang Rama ngutus Mami/Urip-Ku saka Hyang Rama/Uga kanggo kabèh uwong/Sapa mangan Daging Ingwang/Sun paring uripira/Roti Swarga kang tumurun/Dimèn urip salaminya//

7. SUrem kathah tan udani/PARan ndungkap Sabdané Hyang/NYOba rinakit kidungé/BOdho lan kurang deduga/CAH isih cethèk guna/DÉné tetep kumawantun/SAkèh lepat dènaksama//

Inspirasi waosan dinten Minggu Riyaya Slira lan Rah Dalem Sang Kristus: Wulang Tutur 8:2-3,14b-16a1 Kor 10: 16-17Yoh 6:51-58 Sor Blimbing, 14062020 Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here