Maskumambang Warsa Enggal 2021

0
296 views
Loncatan menuju tahun 2021 (Winnipeg Free Press)

Nglelimbang warsa ingkang sampun kawuri/
Ing pungkasan dina/
Sujud syukur Ngarsa Gusti/
Kang sampun njangkung lan ngreksa//

Paringana berkah warsa énggal niki/
Adreng panyuwun mba/
Tumpesé corona covid/
Buminé bali tumata//

Sugeng warsa éngga jawat asta mami/
Sagung lepat kula/
Paringa sih pangaksami/
Katur sanak kadang mitra//

Kidung iki pènget pungkasaning warsi/
Sujud titah papa/
Parandéné sumangga Gusti/
Nyoroh donga saged kula//

Sor Blimbing, 31122020
Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here