
Tembang Mijil
1.Kang kawijil kalodhangan iki/
Prekara kang monjo/
Tan ngemungna prabot negarané/
Wakil rakyat semono tan kari/
Kathah kang korupsi/
Pager mangan tandur//
2.Kadiparan punapa kang margi/
Srakah ati bobrok/
Kang ngawasi kaya léda-lédé/
Ngolah dana kurang transparansi/
Paugeranèki/
Kirang jejeg tuhu//
3.Sagung pandung bandhané negari/
Ora naté kapok/
Kadi déné kéré munggah balé/
Mung wong cilik wiwité ing nguni/
Bareng kecèh dhuwit/
Bingung gumun wuru//
4.Wus mangsané kawulané bangkit/
Kudu wani takon/
Nggènnya ngolah bandha negarané/
Binurua kang nganti pinanggih/
Dimèné kadugi/
Rakyat adil makmur//
5.Kang ginadhang kawula sanagri/
Sagungé koruptor/
Bandhané rinampas nganti entèk/
Pidanané sokur ukum pati/
Reresik sayekti/
Malingé gegedhug//
Sor Blimbing, 21082025
Anton Suparnjo