Kidung Pancasila – Sinom

0
297 views
Anton Suparnjo alias Ki Sandinama.

Wiwit mudha Nusantara/
Ngugemi jimat negari/
Mung sawiji Pancasila/
Handhasari N.K.R.I./
Wis dadi rega mati/
Kukuh bakuh tan amingkuh/
Putra bangsa negara/
Mbélani saéka kapti/
Kanggo mangun mrih Nusantara sentosa//

Manembah Gusti sajuga/
Silané kang angka siji/

Ngayomi wong Nusantara/
Merdika milih agami/
Laku ngimani Gusti/
Tan bisa ingarubiru/
Kapindho kamanungsan/
Tresna sesami dumadi/
Ora nganggo emban cindhé mban siladan//

Saéka sa Nusantara/
Silané ingkang kaping tri/
Manéka suku budaya/
Indonesia nyawiji/
Nggènira olah nagri/
Sareng lan kawulanipun/
Musyawarah kang wicak/
D.P.R. wakilirèki/
Lah punika kaping pat lan candhakira//

Pungkasan kang kaping lima/
Adil kanggo sanegari/
Merauke nganti Sabang/
Aja kongsi éwa ati/
Mangun nagri waradin/
Dadiné ora tumpangsuh/
Punika Pancasila/
Dhadhagana praptèng lalis/
Dimèn tentrem Nusantara salaminya//

ANtepé ngluri budaya/
TONto saking jaman nguni/
SUpaya ora kélangan/
PARandéné tan kadugi/
NYObi sagaduk mami/
BOdho tur karoban cubluk/
CAHyanira tan ana/
DÉ seratané tan aji/
SAged kula namung nyuwun pangaksama//

Sorblimbing, Tumpak Jenar 18112017
28 Sapar 1951 Dal, Wuku Langkir,
Ki Sandinama

Panglimbang, ndungkap pengetan dinten kelahiran Pancasila, 01062022

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here