Bausastra Jawa: Kidung Kulawarga

0
355 views
Lentera Keluarga.
Sinom
1. Priya kalané taruna
Liring netra mring pawestri
Rumasuk tumanjem nala
Wijiné katresnan jati
Tresnané lir hèr mili
Tibèng titi kala dhaup
Sigra sami prasetya
Ngadhep Altar Dalem Suci
Sineksènan Imam suci pasamuwan/
2. Loro-loroné manunggal
Sampun binerkahan Gusti
Ywa pinisah ing manungsa
Sabaya mukti lan mati
Beja cilaka ugi
Lara waras tresna tangguh
Loro dadi saraga
Nilaraké yayah bibi
Duk ing nguni wanita igané priya.
3. Titahé priya wanita
Manunggal karana Gusti
Poma dipoma manungsa
Misahaké aja nganti
Yèn ta pegatan nenggih
Émah-émah lajengipun
Laku bandrèk sanyata
Ywa kongsi dolanan geni
Dimèn tangguh baétané kulawarga.
4. ANtepé ngluri budaya
TONto saking jaman nguni
SUpaya ora kélangan
PARandéné tan kuwawi
NYObi sagaduk mami
BOdho tur karoban cubluk
CAHyanira tan ana
DÉ seratané tan aji
SAged kula namung nyuwun pangaksama.
Insp: Pur. Dumadi 2:18-24; Mrk 10:2-12
Ki Sandinama,
Sor Blimbing Dhite Kasih, 07102018

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here