Keuskupan Agung Semarang: Pranatan Pasa lan Sesirik Taun 2016

0
864 views

Lampiran Nawala Pangon Prapaskah 2016

Ngugemi Statuta Keuskupan Regio Jawa 1995 pasal 136, pranatan pasa lan sesirik katetepaké mangkéné:

  1. Dina Pasa tahun 2016: Rebo Awu, 10 Februari 2016 lan Jumuah Agung, 25 Maret 2016.
    Dina sesirik: Rebo Awu lan Jumuah pepitu ing mangsa Prapaskah nganti Jumuah Agung.
  2. Sing wajib pasa: wong katulik umur 18 taun tekan ing wiwitané umur 60 taun.
    Sing wajib sesirik: wong katulik sing genep umur 14 taun lan saterusé.
  3. Pasa manut angger: mangan wareg sepisan sedina.
    Sesirik manut angger: milih ora mangan daging utawa iwak loh utawa uyah utawa ora jajan utawa ora udud.

Gandhèng pranatan pasa lan sesirik kuwi klebu ènthèng, mula dakprayogakaké supaya sacara pribadi utawa bareng, upamané brayat, utawa lingkungan/wilayah, utawa komunitas pastoran/biara, utawa komunitas seminari, netepaké carané pasa lan sesirik sing dirasakaké luwih cocok karo semangat pamartobat lan matiraga sing ngatonaké ajining dhiri minangka murid Dalem sang Kristus: “Aku Iki Uyah lan Pepadhanging Jagat”.

Kanggo ngatonaké patrap pamartobat, dakprayogakaké temenan bisaa nindakaké upamané:

  1. Ing brayat, ing patemon lingkungan utawa komunitas, padha ngrembug wujudé pasa lan sesirik apa sing cocog karo tataran umur: usia dini lan anak, umuran remaja lan mudha, umuran diwasa lan lansia.
  2. Ing dina Jumuah lan dina liyané sing katemtokaké, pangan pokok sing disenengi saben brayat/komunitas diganti pangan lokal dilawuhi sawarna (kaya gerakan sing wis muncul ing wetara paroki sajroné pèngetan Hari Pangan Sedunia/HPS).
  3. Sajroné patang puluh dina ing mangsa Prapaskah, sacara pribadi utawa brayat utawa komunitas biara/seminari milih tindak pamartobat sing luwih ndayani kanggo ngatonaké tindak tresna, babar pisan kanggo wiwit ngatonaké Budaya Tresna.
  4. Nemtokake gerakan pemberdayaan lan tandang grayang sing jembar pangaruhé kanggo lingkungan alam lan masarakat kiwa tengen, minangka wujud solidaritas. Iki mbabarpisani dadi pancadan kanggo wiwit ngatonaké Budaya Tresna ing Indonesia ing babagan “karaharjan”, upamané nganakaké gerakan jimpitan beras kanggo pendhidhikan lan réka daya liya kanggo wèwèh pangan marang sadulur-sadulur sing kacingkrangan.
  5. Prayoga diudi uga supaya saben wong kristiani, sacara pribadi lan bebarengan, ngudi nganyaraké urip karohanèné upamané srana rékoleksi, retrèt, gladhi rohani, ibadhat Dalan Salib, nampa Sakramen Pamartobat, médhitasi, adhorasi, lan sapituruté.
  6. Cara salah siji kanggo nglairaké ‘pamartobat bareng’ ing mangsa Prapaskah iki awujud Aksi Puasa Pembangunan (APP), ing pangajab bisaa mengku pangaji lan pangaruh kanggo nganyaraké urip pribadi sarta mengku pangaji lan pangaruh kanggo ngundhak-undhakaké solidaritas ing kukuban paroki, keuskupan, lan nasional.
  7. Tema APP taun 2016 ini: “Aku Iki Uyah lan Pepadhanging Jagat” kaya sing dijlèntrèhaké ing buku-buku rumpakané Panitia APP Keuskupan Agung Semarang kanggo kaperluan kuwi.

Semarang, 25 Januari 2016,
ing riyaya Martobaté Santo Paulus
Taun Luwar Biasa Yubileum Sih Wilasa Dalem Allah
Salam, donga lan berkah Dalem Gusti,

FX. Sukendar Wignyosumarta, Pr
Administrator Diosesan KAS

Sumbangan foto: Antara.com

 

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here