Kidung Neptu – Sinom

0
773 views
Ilustrasi: Huruf Jawa. (Ist)

1. Punika dinane Jawa/
Sebutane wonten kalih/
Kang setunggal pancawara/
Kedadean limang ari/
Dene ingkang setunggil/
Arinipun wonten pitu/
Saptawara arannya/
Angka beda saben ari/
Mangga tinon setunggal-setunggalira/

2. Pon dasanama Palguna/
Neptu pitu handarbeni/
Wage sinebat Cemengan/
Sekawan wekdalireki/
Kliwon punika Kasih/
Wancinira angka wolu/
Ketemu Legi lima/
Sanga iku Jenar Pahing/
Lah punika etangan Neptu Pasaran/

3. Senen aranipun Soma/
Sekawan etanganeki/
Sing telu Slasa Anggara/
Rebo Buda pitu nenggih/
Kemis wolu Respati/
Jemuah nem Sukra nengguh/
Setune Tumpak sanga/
Ahad lima Dhite nami/
Neptu dina  punika etanganira//

4. Ana maneh nepdal liya/
Ingaranan neptu sasi/
Pitu dhawah wulan Sura/
Sapar angkanipun kalih/
Rabingulawal kang tri/
Rabingulakir anengguh/
Gangsal etanganira/
Jumadilawal nem yekti/
Ingkang siji Jumadilakir angkanya//

5. Sasi Rejeb aranira/
Etangane angka kalih/
Wulan Ruwah candhakira/
Pan swkawan anggadhahi/
Wulan Siyam kang suci/
Niki gangsal neptunipun/
Pitu wulane Syawal/
Dulkaidah temu siji/
Kang kawuri wulan Besar angka tiga//

6. Iki aran neptu warsa/
Tahun Alip kuwi siji/
Ehe ketemune lima/
Jimawal neptunira tri/
Pitu Je ingkang warsi/
Dal nepdal sekawanipun/
Tahun Be kalih angka/
Enem kang Wawu puniki/
Dene telu Jimakir pungkasanira//

7. MAmak-mamak angupaya/
NYObi tan kendhat madosi/
MARsudi mring budayanya/
TObat angele kepati/
SAking dene kepengin/
PARAn asal angka niku/
JOwal-jawil tetanya/
DEne yen kang maos ngerti/
SAmya kersa paring piwulang wewarah//

 
Sor Blimbing, Tumpak Manis, 02112019
Ki Sandinama

Keterangan:
Neptu Pasaran
Pon = Palguna = 7
Wage = Cemengan = 4
Kliwon = Manis = 8
Legi = Manis = 5
Pahing = Jenar = 9

Neptu Dina
Senen = Soma = 4
Slasa = Anggara = 3
Rebo = Buda = 7
Kemis = Respati = 8
Jemuah = Sukra = 6
Setu = Tumpak = 9
Ahad = Dhite = 5

Neptu Sasi
Sura = 7
Sapar = 2
Rabingulawal = 3
Rabingulakir = 5
Jumadilawal = 6
Jumadilakir = 1
Rejeb = 2
Ruwah = 4
Pasa = 5
Sawal = 7
Dulkaidah = 1
Besar = 3

Neptu tahun
Alip = 1
Ehe = 5
Jimawal = 3
Je = 7
Dal = 4
Be = 2
Wawu = 6
Jimakir = 3

.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here