Nawala Prapaska 2016 Keuskupan Agung Semarang

0
767 views

Para Sadulur kinasih,

Miwiti taun 2016 iki, umat Allah KAS wis duwé ARDAS VII taun 2016-2020. Mawa semangaté ARDAS anyar iki, kita arep ngayahi pasujarahaning pangandel srana tumandang bareng, temen-temen ngudi Budaya Tresna, srana urip bareng kang rinengga ing karaharjan, mengku martabat, lan pangandel, kaya kang diidham-idhamaké Rancangan Induk 2016-2035 KAS.

Idham-idhaman kuwi wis mesthi dadi pérangan wujuding pangandel kita. Kita urip ora mung ngundher ing paguyubané dhéwé, nanging uga diutus supaya dumunung lan tetunggalan karo warga liyané. Ing Taun Yubileum Sih Wilasa Dalem Allah iki, kita sacara mirunggan diutus ngatonaké Wadananing Sih Wilasa Dalem Allah, déné Allah mono mula tuhu saé, migatosaké, lan penuh ing katresnan.

Sabda sing kita rungu dina iki walèh, apa ta tegesé diutus. Allah milih lan ngutus wong sawatara kanggo martakaké kabar becik lan wèwèh paseksèn bab kasaénan Dalem ing tengahing urip. Nabi Yésaya miris lan ora kuwawa ngemban dhawuh supaya urip ana ing kahanan sing kucem. “Bilai aku! Aku lebur! Awit aku aku iki wong sing najis lambéné, lan aku dumunung ana ing tengah-tengahé bangsa sing najis lambéné, ewasamono mripatku wis nyawang sang Nata, Pangéraning alam sawegung” (Yes. 6:5). Yesaya ngrumaosi ora pantes dadi utusan. Mung baé ing wekasan, kanthi madhep mantep ing pangandel, matur, “Punika kula, kautusa kula!” (Yes. 6:8).

Murid-murid Dalem Gusti Yésus ketaman rasa sing mèh padha. Simon dipilih lan ditimbali Gusti Yésus supaya ndhèrèk tumandang ing pakaryan Dalem. Rumangsa ringkih lan ora pantes diutus, Simon munjuk wangsulan, “Gusti, sumingkira saking kula, awit kula punika tiyang dosa” (Luk. 5:8). Nanging Gusti Yésus ngiyataké atiné Simon, pangandikané, “Aja wedi! Wiwit saiki kowé bakal njala manungsa!” (Luk. 5:10).

Para Sadulur kinasih,
Sok-sok kita uga rumangsa ora pantes diutus. Kita diélingaké, jebul nalika kita nyawang cetha karingkihan lan kakurangan kita, ing kono kita kawengku ing kakiyatan Dalem Allah kang makarya. Kaya déné Nabi Yésaya kang dumunung ana ing tengahing bangsa kang kucem, kita uga dumunung ana tengahing bangsa sing ceclorèng kekucem marga baya pakéwuh mawarna-warna, kaya ta: ngroda peksa supaya karepé ditampa lan laku daksiya, ngrerusak alam, lan karingkihan njejegaké pranatan. Ing kahanan mangkono, Gusti Yésus ngarsakaké supaya kita menyang papan sing jero (Luk. 5:4), supaya urip iki sangsaya gedhé maknané lan awoh.

Minangka umat kang pracaya, kita nampa pepéling, yèn kita iki sanyatané minangka uyah lan pepadhanging jagat (Mat. 5:13-14). Sabda Dalem Gusti Yésus kuwi diangkat dadi téma Aksi Puasa Pembangunan 2016: “Aku Iki Uyah lan Pepadhanging Jagat”. Téma iki ngélingaké jati dhiri kita, déné kita iki dadi murid Dalem Gusti Yésus sing diutus: kanggo ngewur-wuraké uyahing kabecikan ing tengahing masarakat, temahan uripé bareng ora kemba; kanggo nggawa pepadhang, temahan saben wong bisa nemu bebener lan dalaning karahayon. Kaya déné Simon lan Yésaya, muga kita, murid Dalem Gusti iki, uga wani tumanggap marang timbalan Dalem Gusti Yésus srana asung wangsulan, “Punika kula, kautusa kula” dadi uyah lan pepadhanging jagat.

Kita yakin yèn timbalan lan ayahan kita minangka uyah lan pepadhanging jagat bakal njalari pangandel kita tambah manteb. Kanthi pangandel sing manteb kuwi, kita wèwèh paseksèn liwat conto lan tandang grayang sing karenan ing Allah sarta migunani kanggo masarakat. Taun 1934, nalika isih makarya ing Bintaran, penggalihané Rama Albertus Soegijapranata, S.J. bab lingkungan, njurung umat katulik, supaya umat katulik dumunung ana ing masarakat lan melu tumandang gawé ing urip kemasarakatan.

Rama Soegija ngandika, “Méndah apiké yèn ing saben wilayah papané wong padha manggon, ana ‘wong pribumi siji sing duwé semangat’, sing bisa ngumpulaké wong-wong katulik, supaya wong katulik ora ‘mapan’ ing sanjabané lingkungan uripé (ngumpul ing dina Minggu ing greja), balik supaya wong katulik mapan ing tengahing masarakat, dadi wong pracaya ing Gusti sing urip tetunggalan karo urip sosial”. Panggalihan kuwi ing tembé buri nglairaké sistim lingkungan kanggo ngrengkuh umat ing paroki-paroki, lan iki dadi pepethingané Pasamuwan Katulik ing tanah Jawa. Sistim lingkungan ora mung ngemungaké sistim administrasi, nanging luwih-luwih dadi srana mèlu tumandang gawé ing babagan sosial, karebèn pangandel katulik ngoyot temenan ana ing masarakat. Lantaran mèlu nandangi babagan sosial ing tengahing masarakat, kita ngemban ayahan minangka uyah lan pepadhanging jagat.

Manéka pakaryan karitatif lan pambudidaya amrih umat lan masarakat duwé kabisan, perlu diundhak-undhakaké terus. Mbangun budaya tumrawang tanpa ditutup-tutupi (transparansi) lan bisa didhadhagi (akuntabilitas) kanggo nglawan korupsi, bakal gedhé paedahé. Budaya “milah” lan “nyèlèhaké” uwuh ing papan sing samesthiné, gawé sumur resepan, lan nanjakaké banyu udan, dadi srana kawigatèn kita marang lingkungan hidup lan lestariné pisan. Kuwi minangka tindak wicaksana lan perlu diundhak-undhakaké terus. Kajaba kuwi, kanthi andhap asor, kita sumadia sinau ing komunitas liya sing preduli lan nyata tumindak amrih raharjané urip bareng (bonum commune).

UU RI No. 6 Tahun 2014 bab Désa, mecut kita supaya manut carané dhéwé-dhéwé, kita mèlu tumandang mbangun lan mekaraké désa. Pasal 18 UU kuwi pratéla, yèn wewenangé désa kuwi nyakup wewenang ing bab: Cak-cakané Papréntahan Désa, Cak-cakané Mbangun Désa, Pambudidaya amrih Kemasarakatan Désa Luwih Maju, lan Pambudidaya amrih Masarakat Désa Mundhak-Mundhak ing Kabisané. Srana mangerti lan nyinau apa-apa sing kacetha ing UU, sarta ing semangat tumandang bareng karo pihak-pihak liya, Pengurus Dewan Paroki bareng karo umat, bisa njupuk bagéan ing ayahan kuwi salah siji, kanggo pratéla dhiri yèn kita iki uyah lan pepadhang ana ing masarakat.

Para Sadulur kinasih,
Bareng karo Kolegium Konsultor Keuskupan, aku ngaturaké panuwun marang umat kabèh, komunitas Hidup Bakti, lan paguyuban-paguyuban, sing wis mèlu tumandang gawé mekaraké Pasamuwan KAS. Kita yakin, lelabetan sing wis kita tindakaké, sanadyan cilik lan prasaja, bisa madhangi urip sing kasaput ing pepeteng. Kita sembahyang terus supaya paragatama (peran) umat Allah KAS minangka uyah lan pepadhanging jagat, sangsaya dipikukuhaké marga cahyaning Rancangan Induk 2016-2035 Keuskupan lan dayaning ARDAS 2016-2020 KAS. Rama Kardinal Darmojuwana ngandika, “Ora ana tenaga sing muspra sanadyan mung cilik, anggere gelem. Sanadyan kita ringkih, ewasamono Gusti paring kakuwatan. Gusti milih sing ringkih kanggo wèwèh kawicaksanan marang sing kuwat.”

Ayo kita pada déné nyembahyangaké lan ngenguwataké. Kita sembahyang lan nggatèkaké para “Adiyuswa” lan para sadulur ing ngendia papan sing lagi nandhang gerah, supaya Gusti paring kakuwatan. Kita sembahyangaké lan gatèkaké uga para panandhang difabel, supaya pinaringan nugraha panglipur lan pitulungan. Mangkono uga kita nyembahyangaké lan nggatèkaké para brayat, supaya tansah ngudi urip rukun, tentrem, lan raharja. Korining kamirahan lan welas asih Dalem Allah kababar lan kapranyata ing tindak samad-sinamadan lan panyengkuyungan.

Minangka umating Allah KAS, ayo kita tumandang bareng, supaya tetep kuwagang ngemban jejibahan kita minangka uyah sing bisa njalari asin, sanadyan kudu ajur ajèr lan ora katon. Lan minangka pepadhang, kuwagang dadi cahya ing pepeteng.
Berkah Dalem Gusti.

Semarang, 25 Januari 2016,
ing riyaya Martobaté St. Paulus
Taun Luwar Biasa Yubileum Sih Wilasa Dalem Allah
Salam, donga, lan berkah Dalem Gusti,

FX. Sukendar Wignyosumarta, Pr
Administrator Diosesan KAS

Sumber wacana: www.kas.or.id

Sumbangan foto: ist

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here