Kidung Laku Sangang Dina: Ngarepaké Pantekosta

0
298 views
Pentakosta.

Dhandhanggula

  • 1. Nggadhang tedhak dalem Hyang Roh Suci/
  • Nganggo lampah laku sangang dina/
  • Donga Novéna arané/
  • Ngrantu sih dalem pitu/
  • Wicaksana kang angka siji/
  • Kapindho pangertosan/
  • Telu Roh Pitutur,
  • Kaping pat Roh Kasantosan/
  • Lima gesang suci nem pana mring Gusti/
  • Ajrih Gusti kang sapta//
  • . 2. Gya rawuha Roh kang tuhu Suci/
  • Angèbeki manah sagung umat/
  • Ngobarké latu tresnané/
  • Kautusa Roh wau/
  • Sanalika sabarang kalir/
  • Kabèh bali cinipta/
  • Sarta lajengipun/
  • Gusti ngénggalaken donya/
  • Mangga munjuk wonten Ngarsa Dalem Gusti/
  • Hangridha lumah asta//
  • 3. Gusti Rama ingkang Maha Suci/
  • Ingkang paring pepadhang mring umat/
  • gagem Roh Suci sunaré/
  • Mugi paring mring ulun/
  • Istingarah ing Roh kang suci/
  • Nalar kang wicaksana/
  • Madyèng teleng kalbu/
  • Sarta manah kang gambira/
  • Amba nyuwun lantaran Sang Kristus Gusti/
  • Kang murba bumi lana//

Sumber inspirasi:

  • Doa Penerangan Roh Kudus
  • Puji Syukur nomer 147
  • Sor Blimbing, Riyaya Mekrad Dalem,
  • 30052019

Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here