Bausastra Jawa: Kidung Ratapan, Kapirit Saking ”Kidung Ratapan”

0
153 views
Ilustrasi: Kidung Ratapan (Ist)

Kinanthi

1.
Kanthi raos kapencilku
Mangkya rame duk ing nguni,
Kaya randha kang kijenan,
Duk semana gung sayekti,
Ing madyaning para bangsa,
Sagung kutha diratoni.

2.
Mangkya jinajah tuhu
Kami sesegen anangis,
Mili aneng pipi luhnya,
Saking kang samya kinasih,
Ora ana ingkang prapta,
Kanggo panglipuring ati.

3.
Samya malik rowangipun,
Malih dados satruneki,
Yahuda sanyata nilar,
Kasangsaran warganeki,
Abote dadi  tumbasan,
Para bangsa neng tengahing.

4
Katentreman tan pikantuk,
Sadhengah wong anrabasi,
Kaseser rikalanira,
Marang Sion marga-margi,
Samya anandhang sangsara,
Pahargyan tan ditekani.

5.
Korining gapura suwung,
Asambat pra imam sami,
Padha sedhih pra wanita,
Tandhes tekan jroning ati,
Kang kuwasa mungsuhira,
Dha gembira satruneki.

6
Gusti ingkang nyata tuhu,
Ingkang damel kawlas asih,
Awit samya murang sarak,
Padha lumpuh putra-putri,
Ing ngajenging satrunira,
Padha dadi bandan sami.

7
Putri Sion icalipun,
Sagunging kamulyaneki,
Pangarsane kadi sangsang,
Pasuketan tan pinanggih,
Samya mlampah tanpa daya,
Ing ngajeng angoyak sami

8
Yerusalem dimen emut,
Rikala sami prihatin,
Bandha donya ingkang ana,
Kagungane duk ing nguni,
Kalanipun warganira,
Tumiba ing satruneki.

9.
Boten wonten kang anulung,
Tinonton pra satruneki,
Sarwi gguyu latah-latah,
Runtuhnya kitha amargi,
Yerusalem nandhang dosa,
Ananira dadi najis.

10
Najis nempel dodotipun,
Wusanane tan pinikir,
Tuhu lebet dhawahira,
Tan wonten kang nglipur sami,
Adhuh Gusti pirsanana,
Tuhu ing panandhang mami.

11
Awit para satrunipun,
Samya ngayunaken dhiri,
Sartane anjarah rayah,
Kepara lumebet sami,
Ing Pedaleman Sucinya,
Lajenge sami ngawisi.

12
Wantu-wantu dhawuhipun,
Tan keparengake Gusti,
Nunggal neng madyaning umat,
Samya sambat kawlas asih,
Nembe sami ngudi boga,
Bandhanira dados ganti.

13
Tetedhane gantos niku,
Sami kangge nyambung urip,
Gusti mugi mirsanana,
Kula nistha tanpa aji,
Tan anggape ingkang purna,
Pirsanana kang sayekti.

17
Kasusahane puniku,
Saking Gusti dhateng mami,
Supaya kelara-lara,
Kala murka dalem Gusti,
Ingkang murub lir dahana,
King nginggil kakintun agni.

18
Rumasuk manjing balungku,
Ngarep sikil ginelar jaring,
Kasurung mundur kawula,
Kagiyat rasaning ati,
Sedina muput kelaran,
Nyata kalepatan mami.

19
Tuhu awrat sangganipun,
Rerangken astane Gusti,
Ana saknduwuring pundhak,
Ical kekiyataneki,
Gusti angulungna kula,
Ing tangane pra sujanmi.

20
Ingkang boten saged tuhu,
Boten keconggah nandhingi,
Pangeran sampun ambucal,
Sedaya gegedhug mami,
Kang wonten wewengkon kula,
Kangge damel bojakrami.

21
Kanggo lumawan kang iku,
Aku lan taruna mami,
Murih kabeh padha sirna,
Dipidak ponang pra putri,
Ingkang saka ing Yahuda,
Kaya anggur diperesi.

22
Marmanira aku muwun,
Dres amijil waspa niki,
Nyata tebih saking kula,
Panglipur kang ngusadani,
Nglejaraken tyas wardaya,
Bingung liwung anak mami.

23
Langkug kiyat bala satru,
Sion ngridha tanganeki,
Kang anglipur ora ana,
Tumrap Bapa Yakub niki,
Gusti paring dhawuh sigra,
Tangga teparone murih,

24
Lumawan mring Bapa Yakub
Mangkya Yerusalem najis,
Woten tengah-tengahira,
Nyata Gusti bener yekti,
Ingkang wus merong manungsa,
Lumawan sabdane Gusti.

25
Piyarsakna bangsa sagung,
Pirsanana kang prihatin,
Para putri lan taruna,
Kang kesah bebandan dadi,
Tak awe kekasih ingwang,
Nanging samya apus krami,
Sagung para imam nika.

26
Pinituwa sartanipun,
Madyeng kutha padha mati,
Nalikanira ngupaya,
Pados tedha kangge dhiri,
Kangge nyambung gesangira,
Gusti kersoa mirsani.

27
Iba ajrih kula sagung,
Ingkang goreh jiwa mami,
Manah lir winalik sungsang,
Salebeting jaja niki,
Tuwas tiwas sun lumawan,
Tedhak turune neng njawi.

28
Tinebas pedhang linebur,
Madyeng wisma kang dumadi,
Anandhang sesakit sampar,
Piyarsakna sambat mami,
Tan wonten panglipur teka,
Bala satru kang miyarsi.

29
Kasangsaran kang tinempuh,
Samya bingah margi Gusti,
Ingkang sampun andhatengna,
Gya dhatenga ari niki,
Jer Paduka kang martakna,
Sarta para mengsah sami.

30
Sigra dados kados ingsun
Piawone sigra prapti,
Wonten ing ngarsa paduka,
Kadamela kados Gusti,
Awit lepat kang dumadya,
Nggennya kula amlas asih.

Sinom

1
Amupus Gusti sanyata,
Putri Sion tinutupi,
Ngangge mendhung murkanira,
Israel agung binanting,
Saking langit mring bumi,
Tan enget pancikan suku,
Tatkala murkanira,
Ingkang tanpa welas asih.
Gya linebur ladhang Yakub awit murka.

2
Betenge putri Yahuda,
Gya binanting wonten bumi,
Kraton sarta pangarsanya,
Kinaburna nora adi,
Duka yayah sinipi,
Tinugel Israel sungu,
Tinarik astanira,
Kalane satru nyaketi,
Binesem Yakub lir agni ngalad-alad.

3
Geni ndilat kering kanan,
Gendhewa pinenthang nenggih,
Lir mengsah ngacungke tangan,
Kang tengen satru upami
Sedaya dipateni,
Ingkang gawe sengsem tuhu,
Ketingal ing netranya,
Nglebet kemah Sion Putri,
Bramantyanya gya sinuntak pindha grama.

4
Gusti kaya dene mengsah,
Anglebur Israel niki,
Rinemuk kang puranira,
Gya linebur beteng sami,
Nuwuhaken prihatin,
Sarta putri Yudanipun,
Sawuse sami kesah,
Rinoban lir kebon iki,
Tumpes tapis papan pepanggihanira.

5
Wonten Sion Gusti mangkya
Dados supe tiyang sami,
Pahargyane dina Sabat,
Datan nampi duka Gusti,
Pra imam raja niki,
Gusti mbucal mesbahipun,
Papan suci tinilar,
Satrunira diparingi,
Tembokipun sarta pura-puranika.

6
Rame ingkang surakira,
Wonten Pedaleman Gusti,
Ramenipun pindhanira,
Pahargyane umat sami,
Gusti nyata peparing,
Nenggih kang putusanipun,
Linebur sedayanya,
Tembokipun Sion Putri,
Gya ingetang ngangge tali ukurannya.

7
Boten kandheg astanira,
Wancine anglebur niki,
Dimen sedaya dhuhkita,
Nglebet tembok sarta njawi,
Samya kawelas asih,
Ambles kang gapuranipun,
Gusti anglebur arsa,
Luluh leleh palang kori,
Ratunipun sarta para pangarsanya.

8
Neng madyaning bangsa manca,
Tan wonten tuduhe Gusti,
Ugi saking pra nabinya,
Tan nampi wahyu Illahi,
Lungguh lir sinukarti,
Nglesod wonten siti namung,
Putri Sion tetuwa,
Sirahipun diwur-wuri,
Nganggo awu sarta sandhangan sungkawa.

9
Yerusalem putrinira
Tumungkul konjem ing bumi,
Mripat kucem margi luhnya,
Remuk rempu atineki,
Aruntuh putri mami,
Sarta dhawah bayinipun,
Neng alun-alun kutha,
Tetanya mring renaneki,
Kadiparan pundi roti anggur ika

10
Nalikanira kantaka,
Kathah tiyang ingkang mati,
Aneng alun-alun kutha,
Kalanira padha mati,
Pinangku ibuneki,
Banjur apa pratelaku,
Kaya apa pindhanya,
Sira Yerusalem Putri,
Kanggo nglipur banjur apa tandhingannya.

11
Wiyaripun lir samodra,
Reruntuhanira iki,
Ingkang mangsulaken sapa,
Nabinira nguningani,
Kang suwung lan ngapusi,
Tan wonten pratelanipun,
Ngenani luputira,
Dimen pulih kaya wingi,
Kanggo sira mratelakke pamecanya.

12
Emanipun iku cidra,
Temah sasar susur dadi,
Tiyang ingkang lumaksana,
Anyuraki sira iki,
Gela-gelo sayekti,
Ngeses-ngeses lesanipun,
Yerusalem Putrinya,
Apa ayu dhewe yekti,
Kuthanira kasukane wong sadonya.

13
Sedaya ing ngarasanira,
Satru mbuka lesaneki,
Kerot-kerot wajanira,
Aku wus anglebur iki,
Mangkya prapteng kang ari,
Ingkang wus tak antu-antu,
Dakalami daksawang,
Gusti sampun ngleksanani,
Ingkang sampun rinancang sarta kasabda.

14
Ingkang kala kinanira,
Kadhawuhaken ing Gusti,
Angrisak tur tanpa welas,
Bala satru suka sami,
Jinunjung satruneki,
Sambata Gusti anguwuh,
Puteri Sion ika,
Tokna luhmu kadi kali,
Siang ratri haywa kongsi ngaso sira.

15
Aja tentrem mripatira,
Gya tangia angrerintih,
Wayah wengi gilir jaga,
Wetokna isining ati,
Lir tirta Ngarsa Gusti,
Sigra angkaten tanganmu,
Konjuk mring Gusti Allah,
Kabeh kanggo para siwi,
Kang tan eling luwe aneng pojok dalan.

16
Adhuh Gusti pirsanana,
Kangge sinten niki Gusti,
Paran wanita amboga,
Kang ingemban putraneki,
Punapa papan suci,
Imam nabi gya rinacut,
Ngglimpang ing lebu dalan,
Taruna wong tuwa sarwi,
Taruna estri gugure dening pedhang.

17
Kalanira Gusti duka,
Damel tintrim tan wlas asih,
Sigra sinembeleh samya,
Nalika pahargyan sami,
Diundang kanan kering,
Gusti duka datan luput,
Tan ana bisa endha,
Saking duka dalem Gusti,
Momongane pejah dening satruneki.

Asmaradana

1
Dhawah ing asmara niki,
Aku anyipati nyata,
Sangsara marga pecute,
Nenggih iki murkanira,
Gusti anundhung sigra,
Mlebet pepeteng sinaput,
Ingkang tan ana pepadhang.

2
Sanyata makaping-kaping,
Ketiban iku astanya,
Sedina natas dadine,
Susut kulit daging ingwang,
Lan diputung balungnya,
Winangun tembok winengku,
Nenggih tembok kasusahan.

3
Papanipun kangge mami,
Peteng kaya wong wus tiwas,
Ditutup dalan metune,
Binanda rinante kuwat,
Nenyuwun pitulungan,
Nadyan kanthi nguwuh-uwuh,
Tan rinungu donganingwang.

4
Margi kula dipalangi,
Ngangge sela kang tinatah,
Boten saged langkung mangke,
Kadya bruwang kang angadhang,
Kaya singa singidan,
Dienggokake dalanku,
Disuwek-suwek sanyata,

5
Njegreg kadi sinukarti,
Gendhewane wus pinenthang,
Aku dadi sasarane,
Gya rumasuk nglebet nala,
Ponang ingkang warastra,
Dadi poyokan bangsaku,
Diina sadina-dina.

6
Tuwuknya ngangge pepahit
Ngunjuk bratawali ika,
Rinemuk iku wajane,
Kerikil ingkang kaboga,
Neng lebu kablesegna,
nDika misahken jiwaku,
Tebih saking katentreman.

7
Kabegjane kula lali,
Punika panyangkaningwang,
Ilang musna misuwure,
Pangajeng-ajeng mring Allah,
Engeta sangsaranya,
Sartane pangumbaraku,
Bratawali racun sarta.

8
Tansah eling jiwa mami,
Prekarane ingkang ika,
Damel seseg ing jiwane,
Anangis yen rinasakna,
Ngajeng-ajeng pramila,
Tan bakal mandheg satuhu,
Asih dalem Gusti tresna.

9
Ora bakal tumpes tapis,
Berkah Dalem kang sayata,
Tamtu enggal ing enjinge,
Kasetyan Dalem agengnya,
Gusti panduman ingwang,
Ing telenging jiwaningsun,
Pramila sun arsa-arsa.

10
Gusti Maha Sae yekti,
Kanggenipun tiyang-tiyang,
Kang ngantu Panjenengane,
Jiwa-jiwa kang ngupaya,
Panjenengane nyata,
Nata Maha Sae tuhu,
Sabar nengga tinulungan.

11
Kangge para priya niki,
Sae mikula pasangan,
Kalanipun tarunane,
Kajengipun sesowangan,
Lenggah ngeningke cipta,
Yen Gusti paring satuhu,
Dimen padha sumujuda.

12
Nganti raine neng bumi,
Mbokmenawa lajengira,
Wonten pengajeng-ajenge,
Sumangga sakarsanira,
Kaulungna pipinya,
Ing ngarsane kang anapuk,
Dimen tuwuk  dicecamah.

13
Awit tan salami-lami,
Anyebrataken kawula,
Nadyan paring pacobane,
Nanging gedhe katresnannya,
Anindhes datan rila,
Mikirake putranipun,
Yen pinidak nrapidana.

14
Ingkang wonten bumi niki,
Yen ditekuk wewenangnya,
Maha Luhur neng ngarsane,
Yen tan adil prekaranya,
Apa Gusti tan pirsa,
Sapa nyabda dadi tuhu,
Margi Gusti kang ndhawuhna.

15
Saking tutuk dalem yekti,
Ingkang Maha Luhur nyata,
Miyos ala lan becike,
Genea manungsa sambat,
Ya ben saben manungsa,
Prekawis ing dosanipun,
Ngadhep Gusti nglimbang gesang.

16
Mangga kita mbuka ati,
Sarwi ngridha lumah asta,
Ngarsa Gusti ing Swargane,
Ingkang merong lan duraka,
Ing Panjenenganira,
Boten kersa paring ampun,
Tinutup ing murkanira.

17
Mbujung kula lan mejahi,
Tuhu tanpa asih welas,
Tinutupan ing megane,
Datan tembus donganira,
Najis tan pantes kula,
Putra bangsa madyanipun,
Sedaya tumuju kula.

18
Saya mbuka lesan niki,
Kagyat anjiret kawula,
Ajur mumur kang dadine,
Dres mijil kang waspanira,
Kaya dene pancuran,
Awit putri bangsa runtuh,
Waspa tan kendel medalnya.

19
Ngantos Gusti amirsani,
Saking nginggil nenggih Swarga,
Mripat rinaos perihe,
Awit putrinipun kitha,
Peksi binujung kadya,
Tanpa sangkan dening satru,
Samya ambucal kawula.

20
Dhateng luweng taksih urip,
Gya binalang ngangge  sela,
Toya rob nginggil sirahe,
Lenging manah lebur nyata,
Gustiku piyarsakna,
Saking luweng lebet estu,
Piyarsakna sambat kula.

21
Haywa Gusti anutupi,
Talingan Dalem puniki,
Saking sambat kawulane,
Mangga Gusti nyaketana,
Nalika nguwuh kula,
Nenggih niki sabdanipun,
Haywa kongsi ajrih samya.

22
Gusti sampun anglebeti,
Anenggih prekawis kula,
Kawilujengan gesange,
Sasampunira miyarsa,
Paringna adil nyata,
Kados kang ketingal tuhu,
Ingkang samya males karya.

23
Gusti sampun amiyarsi,
Pangancame kangge kula,
Sarta kabeh rantamane,
Rembagipun tiyang-tiyang,
Ingkang lumawan amba,
Sedaya rantamanipun,
Kang tumanduk mring kawula.

24
Ing siang pantara ratri,
Pirsanana lenggahira,
Sartanipun yen wungune,
Mila dados kekidungan,
Ingkang ngina kawula,
Gusti peparing satuhu,
Piwales marang pra mengsah.

25
Laras kaliyan pakarti,
Gusti mangkotake nyata,
Manahipun pra satrune,
Sepata dalem tumama,
Ambujung sarta duka,
Saking bumi gya linebur,
Sigra handhandhang bab papat.

Dhandhanggula

Kencanane sampun udhar sami,
Sela suci binuwang ing marga,
Saben pojok-pojokane,
Pra putra Sion iku,
Kalyan emas sami pengaji,
Lan pengaron lemah,
King tukang periuk,
Dha nusoni kang srenggala,
Para putri bangsaku kejem sayekti,
Lir pendah manuk unta.

2
Ingkang wonten neng segara wedhi,
Ilat bayi kraket cethakira,
Amargi saking ngoronge,
Lare sami anyuwun,
Ponang roti tan diparingi,
Ing saben dintenira,
Dhahar eca tuhu,
Sami tiwas wonten marga,
Padatane lenggah ing bantal kirmizi,
Gumlethak neng pawuhan.

3
Durjanane putri bangsa mami,
Anglangkungi Sodom dosanira,
Ingkang sakedhep netrane,
Sinungsang walikipun,
Tan ketiban tangane iki,
Para pangarsanira,
Langkung resik tuhu,
Yen ketimbang saljunira,
Langkung pethak yen ketimbang powan niki,
Sartane badanira.

4
Langkung abrit timbang merjan iki,
Kaya dene watune manila,
Sarta iku pasuryane,
Luwih ireng lan angus,
Data ana kang pirsa sami,
Ana ing marga-marga,
Kulite mengkerut,
Wonten balung-balungira,
Kados kayu ingkang garing tur mekingking,
Sakelangkung mulyanya.

5
Ingkang gugur margi pedhang niki,
Yen ketimbang tiwas kirang boga,
Nggrantes lan dadi tiwase,
Tan ana wulu wetu,
Wanitane kang lembut ati,
Nganggo tangan priyangga,
Olah-olahipun,
Kanggo kabeh para putra,
Kalanira runtuh putri bangsa mami,
Sigra Gusti bramantya.

6
Ngalad-alad bramantyane Gusti,
Ngobaraken latu Sion nika,
Dumugi dhasar-dhasare,
Tan samya ngandel tuhu,
Para raja kawula bumi,
Yen para satrunira,
Mlebet korinipun,
Yerusalem gapuranya,
Marginipun dosanira para nabi,
Sarta durjananira.

7
Para imam madyeng bangsa iki,
Ngedalake getih sing dimangsa,
Kang ora duwe salahe,
Ting cenunak-cenunuk,
Lir wong wuta samargi-margi,
Gegodres ingkang rahnya,
Tan saged wongipun,
Andumuk busananira,
Celathune kang para tetiyang niki,
Najis lan sumingkira.

8
Aja nggepok wong kang najis iki,
Lajeng mlajar lan sami angumbar,
Para bangsa celathune,
Ywa kongsi manggon ngriku,
Langkung-langkung yen ngantos lami,
Gusti sigra mbubarna,
Tan kersa satuhu,
Mirsani para tetiyang,
Para imam sampun boten diurmati,
Sarta para tetuwa.

9
Sampun boten wonten kang nresnani,
Ngantu-antu pitulunganira,
Nanging tan ana gunane,
Saking menara ngriku,
Ngantu-antu bangsa kang jagi,
Nulungi datan bisa,
Nginjen-injen tuhu,
Hiya saben langkah ingwang,
Milanipun tan saged lumaku yekti,
Wonten lapangan ingwang.

10
Pepesthene gesang kula niki,
Wekdalipun sampun mangsa kala,
Wus tekan dina janjine,
Ingkang samya ambujung,
Langkung banter tinimbang peksi,
Garudha awang-awang,
Wonten nginggilipun,
Gunung-gunung inggih arga,
Sartanipun sami anyenyadhong mami,
Wonten ing ara-ara.

11
Tiyangipun jinebadan Gusti,
Napas kula kecemplung ing papan,
Luwengipun wong-wong kae,
Ingkang kawula sengguh,
Wonten ing pangaubaneki,
Kawula badhe gesang,
Ing antawisipun,
Ing madyaning para bangsa,
Dipadha suka pari suka sayekti,
Puteri Edom ika.

12
Kowe mengko manggon ing Us iki,
Tuwungipun badhe dhateng uga,
Bakal mabuk lan wudane,
Ilang kaluputanmu,
Putri Sion tan bakal Gusti,
Ambuwang jeneng sira,
Nanging lepatipun,
Putri Edom ingkang bakal,
Gya kawales sarta dosa-dosaneki,
Sigra badhe kagelar.

Pangkur

Kapungkur kang tumamengwang
Gusti mugi ngengetana ing mami,
Pirsanana kula tuhu,
Ingkang asor punika,
Piyandelku ngalih tiyang sanesipun,
Ugi griya wisma kula,
Wonten tiyang manca niki.

2
Anenggih kawula nika,
Tanpa yayah dadose lare yatim,
Kados randha ingkang ibu,
Toya gadhahan kula,
Yen angombe lan kayu kudu tinuku,
Lan binujung enggal sayah,
Boten saged ngaso yekti.

3
Kaulungna tangan kula,
Mesir Asyur dimene wareg roti,
Bapa-bapa kula niku,
Samya nglampahi dosa,
Aneng kono boten wonten papanipun,
Ingkang nanggel inggih kula,
Kadurjananipun niki.

4
Para abdi kengken kula,
Boten wonten kang sami angluwari,
Bebaya geng wonten ngriku,
Wonten ing ara-ara,
Kula kedah mendhet tedheng wonten ngriku,
Kulit mlonyoh pindha grama,
Luwe padharane nyeri.

5
Putri Sion diprewasa,
Sartanipun kitha-kitha Yahudi,
Pangarsane dha digantung,
Lan para pinituwa,
Boten wonten ingkang ngurmati satuhu,
Taruna mikul gilingan,
Dhawah kawratan sayekti.

6
Ingkang para pinituwa,
Tan mangempal wonten gapura kori,
Tarunane kendel nylempung,
Ilang kabungahannya,
Beksanira malih dadi sedhih sendhu,
Makuthane sampun dhawah,
Saking ing mustaka mami.

7
Adhuh nyawa dosa kula
Milanipun manah kawula sakit,
Pandelengku dadi kabur,
Gunung Sion kang cengkar,
Papanipun srenggala saba ing ngriku,
Sampyan Dalem Gusti nyata,
Amurba salami-lami.

8
Dhampar dalem salaminya,
Napa Gusti supe kula ing salami,
Sampun lami nilar ulun,
Kawangsulna kawula,
Kaenggalna kadi nguni kalanipun,
Gusti sampun mbucal kula,
Agung dukane mring mami.

Panutup

9
Sumene lan paripurna,
Parandene kathah kirange niki,
Nyobi Kitab Sucinipun,
Anamung saged kula,
Tontonane Sabda Dalem puniku,
Niki namung pokal kula,
Usreging ngupadi Gusti.

10
Purna maose Ratapan
Arinira malem Anggara Manis,
Suryane kaping selikur,
Mei wulan Maria,
Kalihewu kalih welas suryanipun,

Masehi kang lumaksana,
Ing Padhepokan Sor Blimbing.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here