Kidung Kalis Korona

0
906 views
Berdoa

Megatruh

Amba nyuwun tan pinegat reksanipun/
Memayu arjaning janmi/
Kabirata malanipun/
Corona salumah bumi/
Kula suméndhé Hyang Manon//

Iki Sabda kang sinerat kitabipun/
Risang Lukas ingkang nganggit/
Bakal tinempuh ing lindhu/
Tanapi bumi paceklik/
Pageblug bakal dumados//

Semonoa tan bakal ginggang sarambut/
Saka ing sirahirèki/
Margané kateguhanmu/
Jiwamu langgeng lestari/
Mring Manon teguh pitados//

Insp Lukas 21:11,18
Sor Blimbing, 15032020

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here