Kidung Litani Tyas Dalem

0
1,090 views
Ilustrasi - Mencintai Allah dengan sepenuh hati by Ist

Dhandhanggula

1. Anggegadhang welas dalem Gusti/
Mring Sang Kristus nyuwun kawelasan/
Lilanana munjukake/
Ngabulna panyuwunku/
Allah Rama ingkang neng Swargi/
Mba nyuwun kawelasan/
Hyang Putra Panebus/
Hyang Roh Suci melasana/
Trimula kang linangkung Allah sawiji/
Kula nyuwun kawlasan//

2. Dhuh Tyas Dalem ingkang Maha Suci/
Kang winangun wonten guwa garba/
Nenggih Sang Kenya Ibune/
Nunggal lan Sabdanipun/
Ingkang luhur tanpa upami/
Suci Kahyanganira/
Kraton Maha Luhur/
Yekti Dalemipun Allah/
Gapuraning Swarga lan parapen yekti/
Kang murub ing katresnan//

3. Tyas Dalem kang endah edi peni/
Ingkang blaba kebak kautaman/
Tan bisa ngira jerone/
Pantes saklangkung unggul/
Purugira manah pra janmi/
Kebak kawicaksanan/
Seserepanipun/
Dalem Allah kang sampurna/
Rinoban sih ngluberi kawula dasih/
Tinengga ingkang seda//

4. O Tyas Dalem sabar welas asih/
Maha Sugih peparing mring titah/
Ingkang gadhah panyuwune/
Tuke suci puniku/
Pangruwate dosane mami/
Tuhu tuwuk cecamah/
Tyas Dalem kang rempu/
Margi kadurjanan kula/
Kang mituhu ngantos dumugining lalis/
Kang jinojoh lambung-Nya//

5. Dhuh Tyas Dalem panglipuring ati/
Daya gesang sarta marginira/
Mba tangi saking patine/
Kang satuhu pisungsung/
Pamartobat mrih tentrem bali/
Bebantene kang dosa/
Ingkang sami ngrantu/
Kang pejah nunggil Paduka/
Kanikmataning sedaya para suci/
Lana mulya ing Swarga//

6. Cempe Allah mbirat dosa dasih/
Kula nyuwun sih palimirmanta/
Kang mbirat dosa umate/
Paring Dalem mba nyuwun/
Ingkang mbirat dosa pertiwi/
Kawula nyuwun welas/
Gusti Yesus tuhu/
Andhap asor lembah manah/
Kula nyuwun kaemperna manah mami/
Lir Tyas Gusti kawula//

7. Gusti Allah langgeng kwasa yekti/
Priksanana Tyasipun Kang Putra/
Ingkang dados patempahe/
Wong dosa kanggenipun/
Kaaturna Ngarsanta Gusti/
Paringa pangaksama/
Kang sami ngrerantu/
Ngasih-asih nyuwun welas/
Putra Dalem kang manunggil lan Hyang Roh Suci/
Allah ing salaminya//

8. Andelira hanyarkara wani/
Tonto saking kala kina-kina/
Suprih langggeng budayané/
Parandéné tan gaduk/
Nyobi ngidung namung tan èdi/
Mardawa kajengira/
Tobat tan pinangguh/
Saglugut pinara sapta/
Paribasan aji godhong jati aking/
Jothakna ya sumangga//

Inspirasi: Litani Katur Tyas Dalem
Sor Blimbing, Respati Manis, 07112019
Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here