Megatruh
- Yen tumiba kala pegat sukmanipun/
Polah mbantah tan kuwawi/
Anampi timbalanipun/
Mung nyuwun rahayu pati/
Mrih manungal mring Hyang Manon// - Ingkang wiwit wonten guwa garba mulus/
Ibu Maria Sang Dewi/
Kula nyenyuwun pangestu/
Tiyang dosa sami ngungsi/
Anoraga lan nyenyadhong// - Kalanira kula rampung tulisipun/
Ywa kongsi anilar mami/
Nyuwun pangayomanipun/
Linebura dosaneki/
Saged keduwung sayektos// - Mugi pantes nampi Slira Putranipun/
Kakiyatna Lisah Suci/
Dimen teteg sowan ulun/
Marak Ngarsa Dalem Gusti/
Nampi adiling Hyang Manon// - ANdel kula namung kamirahanipun/
TONtonen tumindak mami/
SUsuh dosa tan kaetung/
PARandene datan ajrih/
NYOroh marang Kang Kuwaos//
Sumber:
Padupan Kencana, Sembahyang Nyuwun Rahayuning Pati.
Sor Blimbing, 26052020
Ki Sandinama