Kidung Pepadhanging Jagat

0
157 views
Sinar matahari pagi di Balai Berkuak, Ketapang, Kalbar. (Romo Mardianus Indra Pr)

Sinom

1. Mumpung mudha marsudia/Iki Sabda Dalem Gusti/Yekti pangandikanira/Aku pepadhanging bumi/Sapa ingkang tutwuri/Ing pepeteng tan lumaku/Sarta bakal kanggonan/Pepadhang sajroning urip/Wong Parisi gurawalan atetanya//

2. Paseksèné jengandika/Sayekti yèn tanpa aji/Sri Yesus paring wangsulan/Senajan paseksèn mami/Nyata bener sayekti/Aku ngerti asalipun/Menyang ngendi parannya/Nanging sira ora uning/Saka ngendi asal-Ku lan paranira//

3. Sayekti sira tan pana/Asal Ingsun saka ngendi/Menyang ngendi paran Ingwang/Mula nggonira ngadili/Manut gelaring lahir/Tuhu Sun tan bakal ngukum/Yèn paring paukuman/Mesthi bener datan sisip/Wit nyawiji bareng ingkang ngutus Ingwang//

4. Lir sinerat ing Taurat/Seksi loro tan nalisir/Ingsun paring paseksènnya/Aku lan Hyang Rama nunggil/Ingkang angutus Mami/Paring paseksèn mring Aku/Gya sami nyuwun priksa/Ramandika wonten pundi/Sira yekti tan pana Aku lan Rama//

5. Upama padha ngertia/Sapa Aku kang sejati/Bakal ngerti mring Hyang Rama/Punika Sabdané Gusti/Ing raja brana panti/Pedaleman Suci ngriku/Kalané Gusti mucal/Tan wonten kang nyekel Gusti/Margi pancèn dèrèng dugi titi wanci//

Sumber inspirasi: Yohanes 8:12-20Sor Blimbing, 12102020Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here