Pocung Kesurung-surung

0
288 views
Ilustrasi (Ist)

ADHUH Pocung lakuku kesurung-surung
Ping pindho dinakwa
Nganggo dhuwite negari
Nabrak cagak klayung-layung wesi dawa

Adhuh biyung swarane anguwuh-uwuh
Jagad iki amba
Rasane kok dadi cilik
Nangndi paran wong-wong nusul padha teka

Rumangsaku aku wong sing kukuh bakuh
Mlayu mung sakmadya
Anabrak cagake anim
Aku bingung dioyak wong sanegara

Kaya pangung yen rampung kudu digulung
Critane wus purna
Suradira jayeng bumi
Lebur dening pangastuti ujarira

Sorblimbing, Sukra Manis, 17112017,
27 Sapar 1951 Dal, Wuku Langkir.

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here