Kidung Pengetan Mirahingsun – Memulé Pitung Dina

0
131 views
RIP Veronica Herwangi Dwi Kusrini Kusumo

Dhandhanggula

Kang ginadhang Herwangi Kusrini/
Tinampia manjing Swarga lana/
Kang jangkep pitung dinané/
Pèngetanira surut/
Kanthi Bojana Ékaristi/
Rama Teguh Sentosa/
Respati wanci dalu/
Wulan Juli kaping sanga/
Kalihèwu kalih dasa ing Masèhi/
Namung sakulawarga//

Mrih kang tebih saged anyeksèni/
Kanthi dharing Mis Suci ginelar/
Margi coron malané/
Pangaksami kasuwun/
Tan ngaturi lan hangrawuhi/
Mugi-mugi tan béda/
Sesarengan nyuwun/
Ingkang murut ing kasédan/
Ingapura disa kalepatanèki/
Kang tinilar yuwana//

Kidung iki ‘tur panuwun mami/
Ingkang peparing kawigatosan/
Suku dana lan dongané/
Ulun tan saged nyebut/
Pan sedaya kang rawuh sami/
Ageng katresnan ndika/
Randhat atur ulun/
Nyuwun gunging pangapura/
Yèn panampi kula ta kirang mranani/
Obah lan tingkah kula//

Sor Blimbing, 09072020
Ki Sandinama

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here