Bausastra Jawa: Kidung Sangsara Dalem Kapirid Saking Yoh: 18:1-40; 19:1-42 (3)

0
344 views
holy-week by St. Augustine Swindon.

MASKUMAMBANG

Mung angambang ature Pilatus iki,
Lajeng dhawuhira,
Kasapu slirane Gusti,
Sigra prajurit angenam.

Makutha ri lan diagemake Gusti,
Aneng mustakanya,
Jubah wungu denagemi,
Sami majeng anyenyamah.

Atur salam Rajane tiyang Yahudi,
Lan napuk pasuryan,
Pilatus amedal malih,
Sarwi paring pangandika.

Kawruhana dak gawa ing ngarep iki,
Dimen ngertenana,
Yen aku ora nemoni,
Datan ana kaluputan.

Lajeng miyos Yesus ngagem makutha ri,
Lan wungu jubahnya,
Pilatus ngendika malih,
Sawangen iki manungsa.

Kalanira para Imam anyipati.
Sarta jagabaya,
Lajeng nguwuh sora sami,
Kapenthanga kapenthanga.

Sigra Pilatus ngandika lan ndhawuhi,
Gawanen salibna,
Awit ora dak temoni,
Kaluputane wong ika.

Tiyang samya caos atur amangsuli,
Wonten paugeran,
Laras angger-angger iki,
Kudu mati dipidana.

Tiyang niku ngaken Putra Allah yekti,
Mangkya kalanira,
Pilatus sangsaya ajrih,
Sigra mlebet pengadilan.

Sarta lajeng ngandika mring Yesus Gusti,
Pundi asalira,
Yesus tan wangsulan paring,
Mila Pilatus aturnya.

Kadiparan sira tan kersa nanggapi,
Menapa tan pirsa,
Yen ta kula nguwaosi,
Ngluwari anyalib sarta.

Gusti Yesus paring wangsulan puniki,
Jengandika nyata,
Boten nguwaosi mami,
Menawi tan pinaringan.

Panguwaos kang katampi saking nginggil,
Pramila sanyata,
Ingkang ngladosaken mriki,
Langkung ageng dosanira.

Wiwit iku Pilatus niyat ngluwari,
Nanging wong Yahuda,
Nguwuh-uwuh sora sami,
Jengandika paring luwar.

Nyata dede sekabat kaisar mami,
Saben tiyang nika,
Ingkang ngaken-aken aji,
Teges wantun mring Kaisar.

Kalanipun Pilatus amireng niki,
Gusti gya binekta,
Pilatus lenggah ing kursi,
Litostrotos sinebat.

Gabata nenggih basanipun Ibrani,
Mangkya kang arinya,
Cecawis Paskah Riyadi,
Kira-kira tabuh rolas.

Lingira Pilatus marang wong Yahudi,
Iki rajanira,
Lajeng nguwuh sora sami,
Kasirnakna kasirnakna.

Tandya lajeng Pilatus ngandika malih,
Yagene mangkana,
Rajamu sida sinalib,
Atur pinituwa imam.

Kula yekti boten gadhah raja niki,
Liyane Kaisar,
Pungkasanira dumadi,
Maringke Yesus pinenthang.

Tiyang-tiyang sami nampi Yesus Gusti,
Gya manggul salibnya,
Gusti miwit anindaki,
Nuju papan pacumplungan.

Nenggih Golgota basanipun Ibrani,
Gusti wonten ngrika,
Sinalib sareng tyang kalih,
Wonten kering sarta kanan.

Gusti Yesus aneng tengah-tengah neki,
Pilatus dhawuhnya,
Amasang seratan iki,
Kang mangkene ungelira.

Yesus wong Nasaret Raja Wong Yahudi,
Kathah wong Yahuda,
Kang maos seratan iki,
Awit tan adoh papannya.

Caket kitha sarta tembungipun niki,
Sinerat ing basa,
Ibrani Latin Yunani,
Pinituwa Imam kandha.

Aja sira nulis Raja wong Yahudi,
Nanging dhewekira,
Ngakeni yen Raja Yahudi,
Pilatus wangsulanira.

Apa ingkang tinulis tetep tinulis,
Sampune punika,
Agemane dilukari,
Lajeng binage sekawan.

Saben prajurit antuk seprapat sami,
Kang sarta jubahnya,
Samya dipunpendhet ugi,
Tan jinahit jubahira.

Saking nginggil mangandhap tenunan siji,
Milanipun samya,
Rembagan ing reh puniki,
Wurung dennya ngedum ika.

Lajengira sigra sami mbuang undhi,
Ingkang antuk sapa,
Lir sinerat Kitab Suci,
Padha ambagi sandhangan.

Anggenira samya ambucal kang undhi,
Sampun kelampahan,
Dening prajurit-prajurit,
Caket salib sinten nika.

Kang jumeneng keng ibu sadherek neki,
Maria Kleopas,
Maria Magdaleneki,
Kang mangkya nalikanira.
Yesus pirsa kang ibu lan murid niki,
Ingkang kinasihan,
Aneng sisih ngendikani,
Marang Ibu Dalem ika.

Ibu punika tuhu kang putra yekti,
Marang muridira,
Ngandika ibumu iki,
Tinampi aneng wismanya.

Bausastra Jawa: Kidung Sangsara Dalem, Kapirid Saking Injil Yoh: 18:1-40; 19:1-42 (1)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here